Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
878–879 dari 1.487
8.776–8.785 dari 14.865
137.056 lêlurahe Ki Muna satunggil | lan Ki Mulak bantunira prapta | pun Murah Panji Balèlèng | awasta Gusti Agung | limang atus wadyanirèki | mangkana sang dipatya | Surabaya matur | marang kangjêng panêmbahan | kadipundi ing karsa paduka mangkin | masalahing ayuda ||
137.057 yèn kenginga kawula aturi | ngadhatona paduka nèng Daha | ecaa siniwi bae | dening prakawis ripu | pan amunga pun adhi-adhi | panêmbahan ngandika | tarima sihipun | nanging manira ki raka | sêsinau nêdya ngawaki pribadi | tan arsa ngeca-eca ||
137.058 nging pun Sasranagara Dipati | punika kakang manira bêkta | myang măncanagara kabèh | sawetan gunung Lawu | sampun ewah kadi ing nguni | dening kang pra dipatya | sawetan woyèku | maksih amalwa pun kakang | majêngêna mungsuh saking Surawèsthi | ki dipati sumăngga ||
137.059 dadya sagung ingkang gunêm kawis | kacarita pan samadya căndra | nèng ngriku pangran lamine | budhal [19: 34: bu...dhal] sawadya umung | miwah sira ki adipati | sarêng dènira budhal | angatêr nèng ênu | gya wangsul ungkur-ungkuran | mung Dipati Sasranagara kang maksih | tunggil lan panêmbahan ||
137.060 tan winarna solahirèng margi | Panêmbahan Hèrucakra prapta | ing Madiun wus apanggèh | lan para garwanipun | miwah wadyanira ing nguni | kang samya milwa bubar | mangkya sami nusul | wus panggih lan gustinira | myang kang para dipati samya apanggih | lawan jêng panêmbahan ||
137.061 ingundhangkên marang Sang Dipati | Sasranagara lamun pangeran | sampun madêg nata mangke | sawetan ardi Lawu | myang sakiduling jalanidhi | sakilèn Balambangan | kang atas winêngku | bisikaning naradipa | Panêmbahan Hèrucakra ing samangkin | Senapati Ngalaga ||
137.062 iya Ngabdurahmanu Sayidin | Panatagama myang Kartayuda | Adipati sêsilihe | Sasranagara sampun | mupakat kang para bupati | yèn kala siniwaka | munggèng tarub agung | pinarak anèng dhêdhampar | lamun ari Saptu panêmbahan nênggih | miyos ing Pawatangan ||
137.063 nênggih ingkang măngka pamugari | sira Dipati Sasranagara | angrèh punggawa sakèhe | tatag tangginas têguh | ambêk sura ki adipati | titih yèn ulah yuda | nahan kang winuwus | Dipati Panatagama | kang abaris ing Japan nuduh kang rayi | banjêl mring Surabaya ||
137.064 Ki Dipati Natapura aglis | budhal lawan Ngabèi Jangrana | ngrabasèng [19: 35: ngra...basèng] Surabayane | praptèng Sapanjang sampun | pan kacatur ing sabên ari | dènira băndayuda | pan buru-binuru | mangkana kang winursita | Pangran Adipati Balitar miyarsi | kalamun ingkang raka ||
137.065 Pangran Dipanagara ing mangkin | sêdya băngga wus umadêg nata | ing Madiun kadhatone | sigra utusan sampun | tur uninga ing rama aji | caraka sampun prapta | Kartasura cundhuk | sêrat katur ing narendra | tinupiksa kampitèng tyas sri bupati | nêhêr apêparentah ||
878–879 dari 1.487