Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
880–881 dari 1.487
8.796–8.805 dari 14.865
137.076 wadyèng Kartasura apan maksih | anèng Godhêg pajêg barisira | nging Pangeran Balitare | sawadyanira mundur | marang kitha ing Pranaragi | amung panganjuring prang | anèng Godhêg tugur | kunêng gantya kawuwusa | sri narendra samana grah angranuhi | kang putra tinimbalan ||
114. Ingkang Sinuhun Pakubuwana I seda dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Mangkunagara
137.077 Pangran Dipati Balitar aglis | budhal saking nagri Pranaraga | lan wadya sêliran bae | ingkang binêkta mantuk | duta nata awanti-wanti | ingenggalakên lampah | tan kawarnèng ênu | Pangeran Balitar prapta | Kartasura lajêng tumamèng jro puri | wus cundhuk lan narendra ||
137.078 gêrahira saya anglayadi | apan sampun [19: 38: sa...mpun] karsaning Hyang Suksma | sang nata nimbali age | mring Kapitan Jaswèku | kang ajaga Kartasurèki | wus praptèng ngarsa nata | pinaringan sampun | surat buk kinèn nglajêngna | mring Batawi karsanya sri narapati | benjing sapungkurira ||
137.079 kang rinilan gumantyèng narpati | putranira têtiga punika | inggih salah satunggile | dhingin putra kang sêpuh | ingkang sami mijil sing padmi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | yèn punika tan wontêna | kang panênggak Dipati Purubayèki | linilan madêg nata ||
137.080 yèn tan wontên kang putra kêkalih | kang waruju pan samya rinilan | Adipati Balitare | yèn wontên katrinipun | yêkti ingkang sêpuh pribadi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang nawala wus tinampan | Jaswa mêdal sapraptanira ing jawi | wus mêsat dutanira ||
137.081 ya ta wau kangjêng sri bupati | animbali ing para arinya | Pangran Arya Matarame | Arya Panularipun | kalih praptèng ngarsa rakaji | sang nataris ngandika | karone riningsun | manira iki kayana | karsane Hyang ing sapungkur ingsun yayi | prakara putranira ||
137.082 ingsun titip marang sira yayi | putranira benjing Ki Dipatya | Anom Mangkunagarane | yogya gumanti ringsun | yèn tan ana ki adipati | kang tuwa sutanira | karone puniku | Ki Adipati Purbaya | Ki Dipati Balitar karo pan sami | măngsa bodhoa sira ||
137.083 ingkang putra samya [19: 39] dèn timbali | pêpak munggèng dagane kang rama | miwah kang pramèswarine | myang wong sadalêm agung | nulya mapan sri narapati | tangis umyung gumêrah | miwah Kangjêng Ratu | Kancana sumungkêm pada | para putra karuna samya nungkêmi | ing padane kang rama ||
137.084 duk samana kang seda rumiyin | Tuwan Sayid sasi Rabyolawal | ing tanggal kaping pitune | sedanipun sang prabu | nuju sasi Rabingulakir | pan ing ari Arbanga | kalih tanggalipun | nunggil taun Alip ika | sinêngkalan warna toya rasa tunggil |[1] kala mapan sang nata ||
137.085 gumêr tangising wong jroning puri | garwa sêlir manggung para lurah | amlasasih sêsambate | dyan siniraman gupuh | ki pangulu wus dèn timbali | sakêtib modinira | pêpak nèng kadhatun | kang layon sampun kinapan | sinalatkên ing sagunging para mukmin | ri sampuning mangkana ||
880–881 dari 1.487

 


Tanggal: Arbanga (Rabu) kalih (2) Rabingulakir Alip: warna toya rasa tunggil (AJ 1644). Tahun AJ 1644 jatuh pada tahun Ehe dan bukan tahun Alip. Maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rabu 2 Rabingulakir Alip AJ 1643 (Kamis 23 Februari 1719 M), sesuai dengan tanggal wafatnya Pakubuwana I (bertakhta 1704–19) pada bulan Februari 1719 (Ricklefs 1981 hlm. 84). Perbedaan satu hari (Rabu versus Kamis) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)