Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
880–881 dari 1.487
8.800–8.809 dari 14.865
137.080 yèn tan wontên kang putra kêkalih | kang waruju pan samya rinilan | Adipati Balitare | yèn wontên katrinipun | yêkti ingkang sêpuh pribadi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang nawala wus tinampan | Jaswa mêdal sapraptanira ing jawi | wus mêsat dutanira ||
137.081 ya ta wau kangjêng sri bupati | animbali ing para arinya | Pangran Arya Matarame | Arya Panularipun | kalih praptèng ngarsa rakaji | sang nataris ngandika | karone riningsun | manira iki kayana | karsane Hyang ing sapungkur ingsun yayi | prakara putranira ||
137.082 ingsun titip marang sira yayi | putranira benjing Ki Dipatya | Anom Mangkunagarane | yogya gumanti ringsun | yèn tan ana ki adipati | kang tuwa sutanira | karone puniku | Ki Adipati Purbaya | Ki Dipati Balitar karo pan sami | măngsa bodhoa sira ||
137.083 ingkang putra samya [19: 39] dèn timbali | pêpak munggèng dagane kang rama | miwah kang pramèswarine | myang wong sadalêm agung | nulya mapan sri narapati | tangis umyung gumêrah | miwah Kangjêng Ratu | Kancana sumungkêm pada | para putra karuna samya nungkêmi | ing padane kang rama ||
137.084 duk samana kang seda rumiyin | Tuwan Sayid sasi Rabyolawal | ing tanggal kaping pitune | sedanipun sang prabu | nuju sasi Rabingulakir | pan ing ari Arbanga | kalih tanggalipun | nunggil taun Alip ika | sinêngkalan warna toya rasa tunggil |[1] kala mapan sang nata ||
137.085 gumêr tangising wong jroning puri | garwa sêlir manggung para lurah | amlasasih sêsambate | dyan siniraman gupuh | ki pangulu wus dèn timbali | sakêtib modinira | pêpak nèng kadhatun | kang layon sampun kinapan | sinalatkên ing sagunging para mukmin | ri sampuning mangkana ||
137.086 duk jênênge limawêlas warsi | ingkang layon binêktèng Mataram | sinarèkkên Magirine | mangkana kang anglurug | Garwakăndha wus dèn timbali | wadya gêdhong kaparak | sarêng dènnya mantuk | mung kang nèng ing Surabaya | Ki Tumênggung Cakrajaya ingkang maksih | tugur sawadyanira ||
137.087 Adipati Mangkunagarèki | putra ingkang ngêbroki ing pura | mangkana dina Somane | punggawa sowan pênuh | kang santana kang para mantri | Ngabèi Sinangarya | răngga lawan dêmung | kinêrig sagung pradikan | sakathahe ngulama kang para kaji | miwah [19: 40: mi...wah] kang para tapa ||
137.088 ki pangulu kêtib juru modin | samya sewaka nèng panangkilan | warnanên ing jro purane | pangeran dipatyèku | wus sayaga arsa umijil | angantosi Kapitan | Jaswa lagya rawuh | Pangeran Arya Mataram | manjing pura kang putra wus dèn aturi | miyos ing panangkilan ||
137.089 dyan umiyos pangeran dipati | akêkanthèn asta lan Kapitan | Jaswa kang munggèng kerine | kang kanan pamanipun | sapraptane ing păncaniti | sigra Pangeran Arya | Mataram sru muwus | hèh sakèhe pra dipatya | para mantri padha pirsakêna mangkin | yèn anak adipatya ||
880–881 dari 1.487

 


Tanggal: Arbanga (Rabu) kalih (2) Rabingulakir Alip: warna toya rasa tunggil (AJ 1644). Tahun AJ 1644 jatuh pada tahun Ehe dan bukan tahun Alip. Maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rabu 2 Rabingulakir Alip AJ 1643 (Kamis 23 Februari 1719 M), sesuai dengan tanggal wafatnya Pakubuwana I (bertakhta 1704–19) pada bulan Februari 1719 (Ricklefs 1981 hlm. 84). Perbedaan satu hari (Rabu versus Kamis) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)