Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
882 dari 1.487
8.811–8.820 dari 14.865
137.091 sigra Kapitan Jaswa ngaturi | lan pangeran lênggah adhêdhampar | kang rama palênggahane | arja lêlamak babut | apan sampun dan pinarêki | sagunging pra dipatya | nêmbah nguswa suku | pangulu donga nurbuwat | dyan winaca anênggih kang sêrat jangji | saking gurnadur jendral ||
137.092 Jumadilawal madêgiraji | Kya Gunturgêni mungêl têngara | bêdhil ngloji muni kabèh | sang nata sigra kondur | myang Kapitan Jaswa umiring | sapraptanirèng pura | sira [19: 41] sang aprabu | kang paman kalih ngandika | myang kang raka tuwin ingkang rayi-rayi | sadaya ingandikan ||
137.093 sapraptane wau jroning puri | kang santana prasamya dhadharan | lawan Kapitan Jaswane | miwah kang pra tumênggung | pan sadaya ngandikan puri | pan lajêng bêbadhayan | munggèng mandhapagung | tan winarna solahira | Panêmbahan Hèrucakra kang winarni | sampun miyarsa warta ||
137.094 lamun ingkang rama sri bupati | mangkya mantuk marang rahmatullah | sakalangkung pangungune | arsa mêmule sampun | angundhangi bala anggêrit | kidang lawan mênjangan | amêmule sampun | mangkana kang winursita | sri narendra ing dina Soma tinangkil | prabu ing Kartasura ||
137.095 datan owah kadya duk suwargi | miyosirari Rêspati Soma | miwah yèn ari Saptune | miyos ing alun-alun | anyukakkên manahing dasih | sang nata wus utusan | marang Surèngkewuh | Ki Tumênggung Cakrajaya | pinatêdhan uninga lamun sang aji | seda putra gumantya ||
137.096 lawan kinèn têtêpa kang baris | aywa mulih yèn durung sampurna | nagari Surabayane | mangkana sang aprabu | pêparentah marang ing dasih | Kyai Kartanagara | wus jinunjung lungguh | dadya pêpatih pangiwa | pan pinaro parentah ing tanah Jawi | têngêne Cakrajaya ||
137.097 pan ing nguni duk kang rama swargi | sira Tumênggung Kartanagara | wus kinarya sisihane | lawan Cakrajayèku | dadya mangkya ngantukkên malih | sira Ki Martadita [19: 42: Marta...dita] | wus jinunjung lungguh | myang sampun sinungan aran | Ki Tumênggung Mangunnagara kinardi | gêdhong têtindhihira ||
137.098 Pangran Pringgalaya wus ngêmasi | kang ginanjar dènira sang nata | anggêntyani lêlinggihe | nênggih santana prabu | saking Kablitaran Matawis | Radyan Martakusuma | Mas Gale duk timur | dupi jinunjung kang lênggah | sarta sinung jêjuluk dening narpati | Dyan Arya Pringgalaya ||
137.099 sutanya Pangran Pringgalayèki | jalu kala jênênge kang rama | kinarya mantri anome | sedane ramanipun | tan gêntyani rama namèki | nanging jinunjung lênggah | sinungan jêjuluk | Tumênggung Natawijaya | dening dhusun linggihe duk ramanèki | samana tan kaliya ||
137.100 apan sami kinarya têtindhih | kalih Arya Radèn Pringgalaya | sami angrèh mantri gêdhe | Ki Sumabrata lampus | anakira gêntyani mantri | Ngabèi Kartinala | pinaringkên sampun | maring Ki Kartanagara | Carik Bajra sinungan nama ngabèi | nêngguh Tirtawiguna ||
882 dari 1.487