Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
137 dari 234
875 dari 1.487
8.741–8.750 dari 14.865
113. Pangeran Dipanagara kajunjung dados raja dening Arya Jayapuspita, ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra, angadhaton wontên ing Madiun
137.021 ya ta ingkang kawuwusa malih | sira Dipati Jayapuspita | kang anèng Japan barise | lawan sakadangipun | Murah Panji sampun anunggil | Balèlèng saha wadya | nging pakuwonipun | têbih lan sang adipatya | duk samana pan lagya agunêm kawis | masalahing ayuda ||
137.022 cinarita sira Murah Panji | anênuwun mring Jayapuspita | aprakara ing arine | Panji Kartayudèku | dèn lihakên arane panji | kalamun tan dèn liha | kawulamit mantuk | wadya wau tinurutan | ingkang rayi sampun angalih wêwangi | ran Dêmang Kartayuda ||
137.023 anging arine Surèngranèki | sang dipati tan purun ngalihna | dene patêdhan sang raje | Panji Surèngranèku | duk sang nata anèng Samawis | mangkana Kartayuda | ing raka tinuduh | anggêcak măncanagara | Pranaraga Madiun lan Saosragi | Kaduwang Kamagêtan ||
137.024 nagri Daha wus anungkul lami | ing Sarêngat lan ing Kartasana | ing Pace Ngrawa Kalangbrèt | Dêmang Kartayuda wus | budhal saking Japan nagari | dhomas prajuritira | tan kawarnèng ênu | wus angancik ing Caruban | dipatine Madiun ing Pranaragi | Kaduwang lagya prapta ||
137.025 saking nagari ing Surawèsthi | wus siyaga sêdya magut [19: 27: ma...gut] ing prang | mring Dêmang Kartayudane | ing Pranaraga ngumpul | Kamagêtan Kaduwang sami | tuwin ing Jagaraga | pêpak nèng Madiun | sampun agêng barisira | sira Dêmang Kartayuda budhal saking | Caruban saha bala ||
137.026 tan winarna ing marga wus prapti | ing Madiun baris wetan kitha | wong măncanagara kabèh | sigra dènira magut | sampun campuh rame kang jurit | prajurit Surabaya | sarêng dènnya ngamuk | sira Dêmang Kartayuda | anindhihi ing bala mangamuk ngukih | sumyur măncanagara ||
137.027 datan wontên tahan ananggêni | pangamuke wadya Surabaya | wus ngancikan nagarane | tan alami anungkul | sakathahe para dipati | mring Dêmang Kartayuda | prasamya sumuyud | wadya ing măncanagara | wus kinêrig sadaya anunggil baris | lan Dêmang Kartayuda ||
137.028 sira Dêmang Kartayuda aglis | budhal saking Madiun nagara | mring Jagaraga karsane | dene ingkang tinuduh | mring Kaduwang mantri kêkalih | Ngabèi Tambakbaya | lawan Wirantanu | angirid prajurit Samas | mantri kalih ing Kaduwang sampun prapti | umadêg barisira ||
137.029 ing Wiratha sampun dèn irupi | kawarnaa Dêmang Kartayuda | wus praptèng Jagaragane | lajêng ing lampahipun | praptèng Kiping tata kang baris | pangarsane wus prapta | baris Kalimungku | nahan gantya kawuwusa | sri narendra lagya wagugên ing galih | dènnya miyarsa warta ||
137.030 pambalike wong măncanagari [19: 28: mănca...nagari] | gègèr têpis iring Kartasura | wong Surabaya praptane | abaris Kalimungkung | samya nungkul wong Sokawati | solahe anggêgila | wadya Surèngkewuh | miwah kang anèng Kaduwang | urut Laroh gègèr samya dèn bahaki | myang urut Sokawatya ||
875 dari 1.487