Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 234
85–86 dari 1.487
843–852 dari 14.865
015.026 datan arsa anusua malih | ing sabên dina mêhêng sapisan | sabên ing wayah têngange | jabang bayi atutut | dyan warnanên sampun alami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | pan aglis agêng walagang | wus ingaran Ni Rara Rêtna Nawangsih | ri wayah sêsapihan ||
015.027 wus katara [2: 72: kata...ra] yèn ayu linêwih | ri suwarna sang rara punika | tan roro lawan ibune | samana wayahipun | apan lagya jêbên atapih | lagi angrusak taman | sigêgên karuhun | kawarnaa sutanira | Brawijaya ri kang sinampar kariyin | kang anèng pasawahan ||
015.028 ri kang patutan lan Wandhankuning | winastan Radèn Bodhan Kajawan | ênting baguse rupane | ri kang cahya sumunu | anglir wulan purnamasidi | apan uwus awayah | sapangon gêngipun | saha tingkah dahat beda | lan rare kèh tuhu abagus linêwih | Radyan Bondhan Kajawan ||
015.029 Ki Buyut Masahar dyan winarni | arsa asrah pantun mring sang nata | ring Majapait wadale | dahat kèh ri kang pantun | pan rinêmbat dera wong cilik | Radèn Bondhan Kajawan | samana pan tumut | kalayu ri kang bapanta | kae Buyut Masahar pan datan uning | yèn tumut sutanira ||
015.030 Brawijaya pan lagya siniwi | dening bala anèng pagêlaran | pêpêk kang wadyabalane | ri kang pra putrèng ayun | duk pinarêk ing kathil manik | mancur yèn tiningalan | alêlamak babud | sira Ki Buyut Masahar | dyan macundhuk muka lir konjêm ing siti | ngaturkên wadalira ||
015.031 Brawijaya sigra dènya angling | hèh wong gêdhong sigra tampanana | Buyut Masahar wadale | agya tinampan sampun | sira Radèn Bondhan winarni | lumêbêt sitibêntar | paniyagan jujug | nabuh gong sêkar dalima | pan tinitir kagyat sakèhing anangkil [2: 73: anang...kil] | găngsa ki sêkar munya ||
015.032 Brawijaya kampita ring ati | amiyarsa yèn ki sêkar munya | kapêdhak ingatag kabèh | amariksaa gupuh | pinariksa yèn rarè alit | ingkang anabuh găngsa | cinêkêlan sampun | tinakon yèn anakira | Kyai Buyut Masahar pan juru sabin | katur dhatêng sang nata ||
015.033 Brawijaya sigra dènya angling | hèh Ki Buyut sira ing Masahar | iku sutanira dhewe | kyai buyut umatur | inggih yêktos pan suta mami | mèsêm Sang Brawijaya | anduga ing kalbu | yèn nguni kanggwanan putra | ing sang nata nanging kaatur wus lalis | mangkya darbe atmaja ||
015.034 tansah winawang wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumăngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika ||
015.035 gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos ngaran Ki Palèrèd | dene namaning dhuwung | Ki Maesanular satunggil | kang satunggil Malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring Dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas ||
85–86 dari 1.487