Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 234
82–83 dari 1.487
819–828 dari 14.865
015.002 sang dyah umatur dhatêng ing laki | manira dhatêng lèpèn sakêdhap | angumbah popoking rare | apan botên adangu | mung dang-dangan manira iki | pakênira tunggua | nanging wêkas ingsun | Ki Omah mring pakênira | alah poma sampun ta para [2: 67] ungkabi | ing sapungkur manira ||
015.003 alah boya amêmêkas malih | kakang nauri lah yayi iya | ing mêngko ingsun tunggune | nulya mangkat sang ayu | nyangking popoking jabang bayi | wau ta kawarnaa | Ki Agêng ing Tarub | ingkang atêngga dang-dangan | sarwi momong atmaja kang taksih alit | sinambi ingkang putra ||
015.004 Ki Agêng Tarub micarèng ati | rabiningsun pan sampun alama | iba si apa lamine | ingsun kayani pantun | mung salumbung pan durung rêmpid | iya sababe apa | liwat barkatipun | pan ingsun ora anduga | Kyai Agêng ing Tarub tansah ngling ati | sarwi têngga dang-dangan ||
015.005 nora kandhêg urube kang gêni | Ki Agêng Tarub pan wus dilalah | manahipun salah gawe | ènthèng astane ganggu | kang dang-dangan dipun ungkabi | gya kêkêbe dèn angkat | ki agêng duk mangu | iya kang anèng kukusan | dening[1] têka iya mung pari sawuli | punika kang dipun dang ||
015.006 agya nuli kinêkêban malih | ênêngêna kang têngga dang-dangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | samana nuli rawuh | meme popoking jabang bayi | lajêng dhatêng padangan | anggantosi kakung | kang raka mêntas mring wisma | sang dyah ayu ing wau atunggu gêni | sinantêr dènya adang ||
015.007 ya ta sinantêr urubing gêni | wus dèn olah langkung sing antara | nora sumub dang-dangane | sang dyah micarèng kalbu | liwat saking adate lami | dang-dangan ingsun iya | suwe nora [2: 68: no...ra] sumub | nora atalah olaha | salah gawe wong lanang atunggu gêni | wataraningsun iya ||
015.008 dang-dangan nulya dipun ungkabi | ora ta Ki Omah nglirkên wêkas | mêngko ta sun tilikane | kêkêb nulya jinunjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | bênêr ora luput | ujar ingsun silih apa | alah iya baya ta sampun pinasthi | ingsun pisah lan sira ||
015.009 dene têka anglirkên wêwêling | malah silih aja dèn wêkasa | têka sira salah gawe | sang dyah ayu amuwus | kakungira kang dèn takoni | Ki Omah pakênira | boya ganggu-ganggu | wau sapungkur manira | pakênira baya angungkab-ungkabi | ing dang-dangan manira ||
015.010 wêkasane sira apêpanggih | lan manira ing mangke kewala | baya ta sampun jangjine | pan manira karuhun | asal saking ing widadari | apan wus kamanusan | iya milanipun | amarga ing pakênira | lah Ki Omah manira apamit mulih | maring kayangan ingwang ||
015.011 ingsun mangke kamanusan malih | iya saking tingkah pakênira | baya ta sampun jangjine | kakung tan kêna muwus | sakalangkung ngungun tan sipi | kaya dèn wangsulêna | polahe kang luput | anglês kang sarira lupa | dening garwa mangke atêmaha runtik | gêgêtune nalăngsa ||
82–83 dari 1.487

 


dene. (kembali)