Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18–19 dari 234
106–107 dari 1.487
1.054–1.063 dari 14.865
018.076 ing mêngko mirah ingsun wus eling | kalamun sira sadulur ingwang | sang rêtna ayu saure | nora kêna ginugu | wicarane mêmanas ati | jatine sira uga | wong amurang laku | wêruha yèn sira ala | supayane ingsun gêlêma angirim | ing wong kabali sura ||
018.077 pasthi ingsun matur ing kiyai | yèn kaya mangkono ujarira | radèn mèsêm ing nalane | karsanira wong ayu | awêwarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | aglis nulya mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur sira Ni Rara Nawangsih | dhumatêng ingkang rama ||
018.078 kawula wau rama angirim | mring pun kakang Lêmbupêtêng ika | rama awon [3: 31: awo...n] piangkuhe | sanggupipun sadulur | mapan ujar kinarya lamis | inggih wau kawula | ngirim sarêng rawuh | dèn cêkêl asta kawula | ingkang rama gumujêng sarya nauri | apa têmên mangkana ||
018.079 balik panyêkêle kadi pundi | pandugane mau kakangira | sang rêtna alon ature | panyêkêle ing wau | si kakang têka mambu ati | upami ladosana | awon tingkahipun | kang rama aris ngandika | alah iya yèn mêngkono iku nini | Ki Lêmbupêtêng ika ||
018.080 wruhanira lawan sira yayi | apan iya jatine wong liya | sanak pêpanggihan bae | wis aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saujare kang rama | sang rêtna mituhu | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbupêtêng kang saking ing têgil | sarêng surup dhatêngnya ||
018.081 anèng patapan kalaning wêngi | Radèn Lêmbupêtêng tan apisah | anunggil lawan gurune | Kyai Agêng ing Tarub | anèng dhepok kalaning wêngi | samerad ingkang garwa | ki agêng kêkuwu | ana ing dhepok patapan | amung ingkang putra Ni Rara Nawangsih | kang asare ing wisma ||
018.082 ya ta datan kawarna ing ratri | sampun pinanggihakên kang putra | sampun pinasthi jodhone | Ni Mas Rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbupêtêng kang nama | pan sampun atêmu | sadaya-daya panggiha | sang dyah ayu sêsampunira apanggih | têka mijil kang waspa ||
19. Mijil
019.001 Rêtna Nawangsih asêmu wingit [3: 32] | pan maksih karaos | kala sadèrèngipun panggihe | dening wus manjing sudarawèdi | mangke dadi laki | tan nyana sang arum ||
019.002 asmu ewa merang jroning ati | dèrèng sapatêmon | dening manjing sadulur kakunge | tan andimpe Ni Rara Nawangsih | kalamun akrami | antuk lan sadulur ||
019.003 dèrèng acarêm sang mindha Ratih | maksih gung wirangrong | kakung angantos lunturing sihe | datatita kalangan prajangji | grah sangêt winarni | Ki Agêng ing Tarub ||
106–107 dari 1.487