Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18 dari 234
99–100 dari 1.487
985–994 dari 14.865
018.007 ya ta enjing sigra dèn lêkasi | masjid ingadêgakên samana | tanggal pisan pangadêge | anuju sasinipun | Dulkaidah ing taun Alip | pan kawan dasa dina | lamine sinambut | rikala pangadêgira | sinangkalan kari roro karyèng janmi |[1] kang pradondi kebêlat ||
018.008 parêbatan ingkang para wali | adhêping keblat ing aturira | sawawi ngiwas angalèr | sawênèh ngiwas ngidul | aturira mring sang ayogi | Sunan Bonang ngandika | ewuh pikir ingsun | dening sanak-sanak ingwang | sami rêbat kaemutane pribadi | tanbuh kang inganggoa ||
018.009 dening sawênèh ana kang eling | kapara ngalor ing aturira | keblat iki ing adhêpe | wênèh kaparèng ngidul | lawan sipat ing Kakbah mangkin | dadya iku ingaran | tan sarèhing kawruh | lah Ki Jêbèng Kalijaga | kaya paran pikirira ingong tari | Sunan Lèpèn turira ||
018.010 lêhêng niyaktosakên kariyin | dados tan uwas ing galih sampeyan |[2] atur kawula yèn kangge | Sunan Bonang lingnyarum | iya bênêr pakênirèki | dadya tan was-was ring tyas | Sunan Lèpèn matur | lah suwawi panêmbahan | mangke dalu kayaktosakên dèn yêkti | nuntên ing dalunira [3: 17] ||
018.011 sigra anuli dipun yêktosi | apan sarêng wanci bakda Ngisa | Susunan Lèpèn nulya ge | ngadêg lèr masjid sampun | ri kang asta têngên anuli | angawe ri kang Kakbah | dening astanipun | ri kang kiwa gya anyandhak | sirah gadaning masjid saha tyas êning | gya tumiyung kang Kakbah ||
018.012 sampun ginathukakên tumuli | masjid ing Dêmak kalawan Kakbah | wus ingaturakên age | mring Sunan Bonang wau | agya samya kinon ningali | sagunging aoliya | mawas keblat sampun | samya eca manahira | ya ta nuli sami malêbêt ing masjid | samya arêrêmbagan ||
018.013 ingkang rinêmbag badhe surambi | wontên dening rêmbaging akathah | tan wontên yogyane malèh | amung pasowanipun | kang pajêksan ing Maospait | alah damêl rêmbagnya | tumulya ingusung | mangkana sampuning dadya | kang surambi Susunan Bonang apikir | ngrêmbag kang dados imam ||
018.014 sagung oliya sami tinari | dhatêng ing Kangjêng Susunan Bonang | kabèh mangkana ature | sayogya jêng sinuhun | ngimamana ulun puniki | Sunan Bonang ngandika | boya arsaningsun | yèn ingsun dadia imam | dadi kêtib asaos ingsun ênggoni | nuntên Ki Sèk Malaya ||
018.015 apan Susunan Lèpèn amilih | dadya marêbot ing karsanira | Susunan Bonang dan linge | iya Ki Jêbèng Kudus | yèn mangkono ingkang ngong tuding | dadya pangulu sira | Susunan ing Kudus [3: 18] | ature dhatêng sandika | tan suwala ing saparentah sang yogi | ri sampun[3] ing mangkana ||
018.016 apan kacatur kang para wali | sampun ing antara sa-Jumungah | nuju ing Ngasar wêktune | anèng ing masjid wau | para wali sami adikir | mung Sunan Kalijaga | kang moncol gènipun | lan sabatipun kewala | kang anama luhung salawe satunggil | kalih Ki Wanakarta ||
99–100 dari 1.487

 


Tanggal Jawa: pisan (1) Dulkaidah (Dulkangidah) Alip: kari roro karyèng janmi (S 1428). Tahun Masehi: 1506–7. Sangkala ini mengacu pada pembangunan mesjid di Demak. (kembali)
Lebih satu suku kata: dados tan was ing galih sampeyan. (kembali)
sampuning. (kembali)