Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
182 dari 234
1.088–1.089 dari 1.487
10.880–10.889 dari 14.865
182.012 jawi kori têtabean | wus tata binêkta linggih | kapitan suka tumingal | gêgamane pra dipati | kathah dinulu asri | langkung saking urmatipun | anyangoni minuman | ambêktani obat mimis | Radèn Arya Pringgalaya pamit budhal ||
182.013 tigang èwu winatara | gêgaman ingkang lumaris | kadya panjrahing puspita | busana tulya mawarni | ingkang măngka pangarsi | sira Tumênggung Mataun | wadya măncanagara | prajurit nunggèng turanggi | kadya gora gumuruh reh gara-gara ||
182.014 ing marga tan winursita | ing Salatiga wus prapti | Radèn Arya Pringgalaya | lan Suryadiningrat nunggil | makuwon Kalicacing | dene Tumênggung Mataun | lawan sakancanira [23: 61: sakanca...nira] | makuwon anèng Lopait | munggèng ngarsa bupati măncanagara ||
182.015 Maha Prabu Kartasura | parentah ing pra dipati | sadaya amakajangan | nayaka santana mantri | amung radèn apatih | kang maksih nèng dalêmipun | apan sadina-dina | sayaga kaprabon jurit | kawuwusa Cina kang baris Bahrawa ||
182.016 Senapati Mudha Cupyan | ngumpul pagunêman sami | tari mring juru tulis Mam | Cina ing Kartasurèki | kang minggat sami ngungsi | nèng Saroja mangke ngumpul | tinari maring Cupyan | hèh sira Ham juru tulis | iki para dipati ing Kartasura ||
182.017 prapta nglurugi ing sira | kapriye akalmu iki | sira nguni wus alawas | nèng Kartasura nagari | apa wus wuwuh bêcik | sira lan para tumênggung | angling juru tulis Ham | sadaya wus sami bêcik | pra dipati kang tuwa wus kadi bapa ||
182.018 kang anom kadi sudara | sanadyan radèn apatih | mila kula minggat ngiwa | wangsit saking radèn patih | Mudha Cupyan sru angling | bêcike sira têtêmu | lan Arya Pringgalaya | amrih enggaling prakawis | Pringgalaya jakên mêcah lêlampahan ||
182.019 wus sanggup juru tulis Ham | lah inggih ing benjing-enjing | kula bêkta Cina rolas | manggihi Pringgalayèki | Suryadiningrat malih | miwah Tumênggung Mataun | nadyan inggih kathaha | para tumênggung kang prapti | mung têtiga ingkang bupati manggala ||
182.020 Senapati Mudha Cupyan | langkung sukane miyarsi [23: 62: miyar...si] | atêgêl juru tulis Ham | ngarani kang pra dipati | ing pikir sampun dadi | kunêng malih kang winuwus | prapta Dêmang Salukat | têlike Pringgalayèki | maspadakkên obah osike wong Cina ||
182.021 katur Radyan Pringgalaya | sigra dènira ngaturi | mring Radèn Suryadiningrat | Tumênggung Mataun prapti | miwah kaliwonnèki | prapta Radèn Singaranu | ling Arya Pringgalaya | lah paman Mataun mangkin | wontên pikir lan adhi Suryadiningrat ||
1.088–1.089 dari 1.487