Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186 dari 234
1.107–1.108 dari 1.487
11.069–11.078 dari 14.865
186.040 inggih yayi dipun aglis | Radèn Malayakusuma | lèngsèr samana praptèng jro | tundhuk lan radèn apatya | alon dènnya atanya | pangeran punapa sampun | rawuh anèng paregolan ||
186.041 inggih dangu dènnya prapti | rahadèn patih ngandika | radèn wangsula mring regol | pan sampun winêkas-wêkas | sigra wangsul Rahadyan | Malayakusuma tundhuk | mring Pangeran Têpasana ||
186.042 Malakusuma angling |[1] kakang mas rama andika | inggih wau timbalane | dika matur ing pangeran | kula todhi ing manah | dènira suwitèng ratu | masalahing katêmênan [24: 9] ||
186.043 kalamun si botên osik | ing mangke kula gêgila | inggih têmên pangwulane | pangeran ing Têpasana | kagyat anglês ing nala | yayi mung sariraningsun | punapa kenging panggiha ||
186.044 lan pun paman adipati | kawula arsa prasêtya | malah kasusu ature | inggih ta wontên punapa | nanging ta kakang êmas | paduka atilar dhuwung | yèn panggih rama andika ||
186.045 yèn taksih angagêm kêris | yêkti rama jêngandika | akathah sănggarunggine | angling Pangran Têpasana | inggih dawêg yayi mas | katura puniku dhuwung | wus tinampan ing rahadyan ||
186.046 apan ta wau kang rayi | Rahadèn Jayakusuma | awrat pocote dhuwunge | kang raka alon ngandika | hèh yayi aturêna | nêdya punapa puniku | ran dhèwèk tan sêdya ala ||
186.047 mara aturna tumuli | kêris marang rayi para | apan yayi raganingong | pan ora agawe ala | nulya Jayakusuma | angaturkên dhuwungipun | ing Radèn Mlayakusuma ||
186.048 sigra Ki Mangunyudèki | kalawan Ki Surayuda | wus kinêjèpan kalihe | nubruk Pangran Têpasana | lawan Jayakusuma | kalihe sampun kapikut | saksana nulya kabêsta ||
186.049 jăngga sampun dèn tangsuli | datan sagêd tumungkula | pan sampun dèn prênahake | munggèng surambining langgar | sajroning paregolan | kinubêng ing baris agung | prajurit ing kapatihan ||
1.107–1.108 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: Malayakusuma angling. (kembali)