Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186–187 dari 234
1.109–1.110 dari 1.487
11.088–11.097 dari 14.865
186.059 prajurit kang sikêp karbin | wolung dasa munggèng ngarsa | wolung dasa waos cebol | praptèng loji lampahira | Kumpêni samya cingak | têtanya sintên puniku | saure kang tinakonan ||
186.060 gih radèn ayu dipati | aseba marang jro pura | lajêng wus praptèng kadhaton | pinarnah ing Suranatan | Radèn Jayakusuma | patagihan sarêng surup | takèn candu kudhandhangan ||
187. Dhandhanggula
187.001 ingaturan candu sa-kêmiri | marang Ngabèi Asmaradana | cinalêguk sadayane | ing bakda ngisanipun | kalih kinèn sami nêlasi | linawe wus palastra | ing sêngkalanipun | gana rêtu obahing rat |[1] kinèn ngubur kalihe nèng ardi Wujil | kilèn sagarayasa ||
187.002 wus dilalah karsaning Hyang Widi | punggawagung sami tilar nalar | miwah ta ing pêpatihe | tan ana wani matur | ing dosane durung sayêkti | dèn imbara kewala | sêdhêng ukumipun | yèn cidraa ing nagara | pasthi ludhês saka awake pribadi | yèku rèh kang santosa ||
187.003 dene ta wus kocap nguni-uni | adiling ratu yèn kaluputan | mung mungguh wutahing gêtèh | kang agêng dosanipun [24: 12] | maratani wong sanagari | utang kêdhik kewala | kèh sêsauripun | upama pitik satunggal | sinauran kêbo satus nora uwis | yèn mungguh wutahing rah ||
187.004 wus pinathok kisabing Hyang Widi | yèn wong utang utang wutahing rah | yèn durung saplak ukume | nora angetung ratu | lan satriya mantri dipati | utang marang urakan | bupati lan jagul | ratu lan wong rucak-rucak | sêsaure tikêl ping sèwu anênggih | kalamun wutahing rah ||
187.005 aja mungguh darahe pribadi | tunggal wiji padha trah minulya | yèn kêdhika sêsaure | sêdhih kang para putus | nora wurung rusak ing bumi | pra dipati tur kathah | tan ana tinantun | dilalah pan nora kêna | winicara sabênêr-bênêre kêni | barang rèh sarta nalar ||
148. Pangeran Wiramênggala lolos saking nagari Kartasura ngêmpal Cina
187.006 kunêng Pangran Wiramênggalèki | duk miyarsa kang rayi palastra | anèng jro pura linawe | tangis umyang gumuruh | wadya Kaselongan jalwèstri | sagung kang para putra | kang uwa rinubung | uwa wontên pundi rama | para garwa kang tangis pating jalêrit | pundi rayi sampeyan ||
187.007 langkung bêbah nalăngsa ing batin | sira Pangeran Wiramênggala | tan wruh mangkene dadine | ngandika arawat luh | wis mênênga aja nênangis | abdi kumpul sadaya | ing sawontênipun | abdi lami Kaselongan [24: 13] | ingkang sami suwitanyar tan pinanggih | siji wus nora nana ||
187.008 dêmang among praja bule maksih | suta têtiga priya diwasa | Ănggatruna pambayune | Ănggawirya panggulu | Sutawirya ingkang wuragil | lawan Kiyai Rawan | sutane têtêlu | sadaya sampun diwasa | wong kêlasi saking Japênan nagari | pun Dhampak pun Galeyah ||
1.109–1.110 dari 1.487

 


Tanggal: gana rêtu obahing rat (AJ 1666). Tahun AJ 1666 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Maret 1741 sampai dengan 8 Maret 1742. (kembali)