Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186 dari 234
1.106–1.107 dari 1.487
11.056–11.065 dari 14.865
186.027 samana wus animbali | Ki Tumênggung Surabrata | lan kinèn milihi kang wong | bêcik-bêcik dèn gawaa | tan adangu wus prapta | ing kapatihan wus tundhuk | rahadèn patih ngandika ||
186.028 hèh yayi ing Pranaragi | wongira kang pêpilihan | prênahna pipining regol | lan padha aling-alinga | ing kajang uran-uran | nuruta pinggir [24: 7: ping...gir] batagung | padha ngagêma talêmpak ||
186.029 kang baris pêndhêm ing jawi | wong kapatihan nèng jaba | Surajaya kêkasihe | kalawan Si Surabăngsa | Srundiya Surayuda | lawan Surawadanèku | kalawan Nilasaraba ||
186.030 wong kapatihan jro baris | amêndhêm ing palataran | wong Sêcanirbayarane | lawan wong Jayamênggala | lan wong Jayaparusa | lan wong Jayaantakèku | lawan wong Sêcanirmala ||
186.031 lan wong Tanpagêmbung nênggih | kalawan wong Tanparaga | wong Narantaka malihe | kalawan wong Jayèngraga | Jayènglatri kalawan | wong kapêtêngan puniku | anyatus salurahira ||
186.032 kapêtêngan kang nglurahi | anênggih Suradigdaya | lan Mangunonêng sisihe | baris jroning paregolan | radèn patih ngandika | marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata Pranaraga ||
186.033 dika nèng regol anênggih | yèn Pangeran Têpasana | prapta andhêgên nèng regol | yèn andika tinakonan | ngakua bantu ing prang | mring Arya Pringgalayèku | nganggoa kaprajuritan ||
186.034 padha kubêngana kursi | kiwa têngên paregolan | lan dokokana tuk gêdhe | iku dadi kanyatahan | kalamun Si Kapitan | Langpèl arsa amartamu | wau ingkang kawuwusa ||
186.035 Radèn Mlayakusumèki | lan Pangeran Têpasana | mangkat saking ing pakuwon | praptèng dalêm kapatihan | kèndêl ing paregolan | tata [24: 8] nèng kursi alungguh | lan Tumênggung Surabrata ||
186.036 pangeran kagyat ningali | ing Rahadèn Surabrata | asmu sandea manahe | dènnya busanèng ayuda | dadya pangeran tanya | punapa kakang tumênggung | angangge kaprajuritan ||
1.106–1.107 dari 1.487