Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186 dari 234
1.107–1.108 dari 1.487
11.063–11.072 dari 14.865
186.034 padha kubêngana kursi | kiwa têngên paregolan | lan dokokana tuk gêdhe | iku dadi kanyatahan | kalamun Si Kapitan | Langpèl arsa amartamu | wau ingkang kawuwusa ||
186.035 Radèn Mlayakusumèki | lan Pangeran Têpasana | mangkat saking ing pakuwon | praptèng dalêm kapatihan | kèndêl ing paregolan | tata [24: 8] nèng kursi alungguh | lan Tumênggung Surabrata ||
186.036 pangeran kagyat ningali | ing Rahadèn Surabrata | asmu sandea manahe | dènnya busanèng ayuda | dadya pangeran tanya | punapa kakang tumênggung | angangge kaprajuritan ||
186.037 Surabrata anauri | kawula badhe bantu prang | ing rayi sampeyan radèn | nênggih Arya Pringgalaya | sampeyan lan kapitan | punika arsa mratamu | mariki mila wasisan ||
186.038 kawula arsa manggihi | wasisan dèn prayakêna | Pangeran Têpasanane | adhêm wau ing tyasira | sigra Rahadèn Arya | Malayakusuma matur | ing Pangeran Têpasana ||
186.039 kakang mas kula aturi | kèndêl ing ngriki kewala | kawula lumêbèng mangke | atur uninga ing paman | manawi dèrèng mirsa | yèn sampeyan sampun rawuh | ling Pangeran Têpasana ||
186.040 inggih yayi dipun aglis | Radèn Malayakusuma | lèngsèr samana praptèng jro | tundhuk lan radèn apatya | alon dènnya atanya | pangeran punapa sampun | rawuh anèng paregolan ||
186.041 inggih dangu dènnya prapti | rahadèn patih ngandika | radèn wangsula mring regol | pan sampun winêkas-wêkas | sigra wangsul Rahadyan | Malayakusuma tundhuk | mring Pangeran Têpasana ||
186.042 Malakusuma angling |[1] kakang mas rama andika | inggih wau timbalane | dika matur ing pangeran | kula todhi ing manah | dènira suwitèng ratu | masalahing katêmênan [24: 9] ||
186.043 kalamun si botên osik | ing mangke kula gêgila | inggih têmên pangwulane | pangeran ing Têpasana | kagyat anglês ing nala | yayi mung sariraningsun | punapa kenging panggiha ||
1.107–1.108 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: Malayakusuma angling. (kembali)