Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
187–188 dari 234
1.113–1.114 dari 1.487
11.125–11.134 dari 14.865
187.036 sigra Singsèh Kapitan manggihi | sănggarunggi baris kang wong Cina | wus sami lênggah arèrèh | Singsèh alon amuwus [24: 19: amu...wus] | jêngandika wong agung pundi | Pangran Wiramênggala | alon sauripun | manira wong Kartasura | dèn sikara mariki nêdya angungsi | marang ing pakênira ||
187.037 nanging umur sapala puniki | lan anak putu puniki samya | kang manira ungsèkake | Kapitan Singsèh matur | gih pangeran sampun kuwatir | nulya sinungan prênah | sinugata sampun | Kapitan Singsèh utusan | tur uninga mring Radèn Martapurèki | yèn wontên pêplajêngan ||
187.038 saking nagari Kartasurèki | nama Pangeran Wiramênggala | lan Radèn Wiratmêjane | utusan prapta sampun | katur kabeh ingkang wêwêling | Singsèh mring Martapura | nanging tan lumaku | Singsèh pinanggil praptaa | sigra Singsèh matur ing pangeran aris | tuwan sêsareana ||
187.039 dipun sakeca wontên ing ngriki | kawula ngundhangi wadya Cina | sami ngumpula barise | bok prapta kang bêbujung | kula kène ambilawani | sajatine Kapitan | Singsèh nyolong laku | mring pondhoke Martapura | sapraptane panggih wus atata linggih | nèng pondhoke pungkuran ||
188. Pangkur
188.001 singsèh alon wuwusira | kadipundi tuwan radèn puniki | pikir dika kang satuhu | ing praptane Pangeran | Arya Wiramênggala pangungsinipun | lawan Radèn Wiratmêja | wong tuwane dèn patèni ||
188.002 gêgawane winatara | lanang wadon kalêbu lare cilik | kadi ta luwih wong satus [24: 20: sa...tus] | ingkang sikêp gêgaman | wontên tiyang salawe kadi tan langkung | manthuk-manthuk Martapura | itu bapak lêbih baik ||
188.003 Pangeran Wiramênggala | pangungsine maring dika sayêkti | bapak ingkang punya untung | pasthi puniku uga | ngenggalakên ing lêlakon pêcahipun | tulunge topekong dika | wudharing rèh kang piningit ||
188.004 pangran mangke panggihana | sarta dika ature dèn aririh | makatên andika matur | pangran kula punika | ing samangke kadi ta wong wuta bisu | saking gadhêgêlên lampah | tan wontên kang mratikêli ||
188.005 mangke tamian paduka | sami gupuh mikir ing wadya alit | dening sănggarungginipun | sadaya kang wong Cina | dening lagya ayun-ayunan kang pupuh | wong Cina lawan wong Jawa | angrangkêp lawan Kumpêni ||
188.006 yèn paduka ngungsi nyata | sayêktine wong Cina anglabuhi | nanging ta pratandhanipun | asèlèha gêgaman | tumbak bêdhil pêdhang pasêr lawan tulup | kawula kang ngrawatana | wong Cina eca tyasnèki ||
1.113–1.114 dari 1.487