Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 234
108–109 dari 1.487
1.075–1.084 dari 14.865
019.015 lwir cintaka ngambarèng ing langit | aminta kalamon | turunana ing warsa ajape | lir bramara ing tawang ngrêrêngih | sajroning udyani | dènnya amrih santun ||
019.016 sang rêtnayu anulya angliring | pagut ing pasêmon | andèh ing tingal kantun manise | anorakên ingkang madu gêndhis | kakung aningali | manahnya suh rêmpu ||
019.017 sang dyah ingêmban têka ngladèni | binêktèng palugon | apan sampun tumangkêb samire | sapraptaning paprêman [3: 34: paprêma...n] alinggih | kalawan sang rêsmi | madyaning kang babud ||
019.018 sang dyah ingaras awanti-wanti | anyêngkah jaja lon | lwir pendah madubrata wuwuse | amrih lunture sihe kang rayi | tansah dèn rêrêngih | juwitaning ayu ||
019.019 sinarèkakên ing tilam amrik | sênggara kalangon | ing jro tilam nêkakkên kaptine | wêkasing sinjang pan sampun kongkih | acampuh ing rêsmi | kepyan kang pulanghyun ||
019.020 sang dyah ayu murcita ing rêsmi | sarira kalêson | marlupa gupe tanpa jiwane | kakungira awlas aningali | ingaras sang dèwi | sinrang ing pangungrum ||
019.021 anglilira kusumaning sari | dèwining paturon | sampun age murca nahing anggèr | lah sarênga lawan sira yayi | dipun tulus asih | mirah jiwaningsun ||
019.022 sampun wêdhar kang apulangrêsmi | pinarak karoron | ya ta sang kakung kaliwat sihe | dhatêng kang garwa tansah liniring | miwah ta sang dèwi | mring kakung sru lulut ||
019.023 upaminira lir pendah mimi | dènira karoron | datan kêna pisah ing kalihe | siyang dalu tansah akaron sih | sangsaya alami | gènira atêmu ||
019.024 sasedane kang rama winarni | atut akaroron | kang mantu anggêntosi linggihe | Radèn Lêmbupêtêng anuruni | gêntosi ngramèki | Ki Agêng ing Tarub ||
108–109 dari 1.487