Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 234
110–111 dari 1.487
1.094–1.103 dari 14.865
019.034 Nyai Gêdhe ing Kare [3: 36: Ka...re] winarni | wus lami karoron | Nyai Gêdhe ing Kare arine | Nyai Gêdhe ing Wanglu winarni | nuli ingkang rayi | nênggih wastanipun ||
019.035 Nyai Gêdhe ing Bokong winarni | rinya miyos wadon | Nyai Gêdhe Ngadibaya rane | sampun jangkêp pêpitu winilis | jalu lawan èstri | kêkadang apatut ||
18. Ki Agêng Pêngging. Jaka Tingkir lair
019.036 datatita kang kawarnèng nguni | kang kocap ing mangko | nênggih wontên winiraos malèh | ing carita pan gantya winarni | Ki Agêng ing Pêngging | punika dhinapur ||
019.037 ingkang nama Ki Agêng ing Pêngging | akêkadang roro | kang adarbe têdhak ing kandhane | Dipati Handayaningrat nguni | Adipati Pêngging | kang adarbe turun ||
019.038 nguni-uni natèng Pajang Pêngging | anama mangkono | Prabu Handayaningrat turune | sirna karatone mung Dipati | Pajajaran prapti | natèng Majalangu ||
019.039 maksih anama pan adipati | cinatur kinaot | sami-sami ika bupatine | aprakosa digdayèng ajurit | asugih prajurit | sugih baranagung ||
019.040 angrèh sakilèning Lawu wukir | nênggih sapangulon | sakidul wukir Baita kabèh | lèring samodra kidul sumiwi | mring Dipati Pêngging | kabawah sumuyud ||
019.041 samya wingwrin kang para dipati | bang lor sapangulon | tan ana kang anăngga bobote | ing ngayuda sing sugih prajurit | myang barana [3: 37: ba...rana] sugih | pirang-pirang turun ||
019.042 Pajajaran praptèng Maospait | sirnaning kadhaton | kacatur amung kabupatène | tan apêdhot sanamane maksih | Adipati Pêngging | marmanya ingugung ||
019.043 mring Brawijaya ing Maospait | tinêmpuhkên ing bot | sampun tinariman ing putrine | kang panênggak antuk Sang Dipati | Dayaningrat Pêngging | wêkasan akantun ||
110–111 dari 1.487