Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
190 dari 234
1.122–1.123 dari 1.487
11.216–11.225 dari 14.865
190.022 loji kidul ingkang dèn rukêti | Kyai Rajaniti amboboka | ing kidul banon lojine | anibanana pungkur | Ki Tumênggung Natayudèki | lawan Ki Wirajaya | munggèng sitiluhur | gêbyog kilèn dèn rubuhna | tibanana munggèng sawetaning loji | dene Ki Wirarêja ||
190.023 lan Tumênggung Tirtawigunèki | angrêksaa anèng kamandhungan | lawang gapit bubuhane | wus dadya rêmbagipun | sira radèn rêkyana patih | animbali punggawa | numbakanyar sèwu | lawan Tumênggung Toyamas | pan sinandi mracayakakên mring loji | kang bantu ing ayuda ||
190.024 anglurugi Cina ing Bahrawi | ambantoni Arya Pringgalaya | kang tugur Salatigane | nênggih sêngadinipun | sajatine amukul [24: 33: amuku...l] loji | prajurit kapatihan | kang arsa dèn adu | prasamya wong pêpilihan | duk sêmana rahadèn rêkyana patih | ngundhangi wadyanira ||
190.025 para lurah pêpak munggèng ngarsi | samya ambêkta sakancanira | munggèng palataran andhèr | apan wong pitung atus | prajurite radèn apatih | samya dinulangmangap | kang dadar lumintu | kadya panjrahing puspita | kang prajurit busanane warni-warni | abra pênuh nèng ngarsa ||
190.026 punggawa katri apan wus prapti | sira Tumênggung Jayasudirga | lawan Mangunnagarane | myang Yudanagarèku | catur ingkang kaliwonnèki | Ngabèi Mangunyuda | punika tinuduh | wus samya nèng ngarsanira | angandika rahadèn rêkyana patih | marang katri punggawa ||
190.027 ingkang mracayakkên marang loji | sira mantri Gowong lawan Kalang | ambantoni ing lakune | Arya Pringgalayèku | atur sêmbah punggawa katri | lawan Ki Sêcayuda | Si Gunawangsèku | iku têtindhih manira | kang sun karya matapitaning kang baris | aturna mring kapitan ||
190.028 Sutayuda kang sampun winisik | lawan Gunawăngsa ing sasolah | kasaru wau praptane | sira Kyai Tumênggung | Rajaniti wus tata linggih | alon ing aturira | kalamun panuju | karsa paduka mundura | ngupadosa dintên kang apênêd benjing | Kêmis ngajêng punika ||
190.029 wus tinundhung wau punggawa tri | mundur saking ngarsane rahadyan | kantun Ki Rajanitine | alon dènira matur [24: 34] | yèn suwawi punggawa katri | ngakêna bantu yuda | mring Salatigèku | nganggea kaprajuritan | sabalane dimèn samya ngati-ati | dening abdi paduka ||
190.030 angakêna urun anindhihi | wus panuju rahadèn apatya | myarsa sarêmbug-rêmbuge | ya ta warnanên dalu | sira radèn rêkyana patih | andhawuhkên timbalan | marang tri tumênggung | besuk dina Kêmis enjang | siyagaa binantokakên ing jurit | marang ing Salatiga ||
190.031 sira Ki Tumênggung Rajaniti | pan sadalu anèng kapatihan | apan wus matêng rêmbuge | antara tan winuwus | sampun prapta ing dina Kêmis | enjing samya siyaga | katri punggawèku | miwah wadya kapatihan | para lurah prapta sakancane sami | ngrasuk busanèng yuda ||
1.122–1.123 dari 1.487