Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
190 dari 234
1.123 dari 1.487
11.221–11.230 dari 14.865
190.027 ingkang mracayakkên marang loji | sira mantri Gowong lawan Kalang | ambantoni ing lakune | Arya Pringgalayèku | atur sêmbah punggawa katri | lawan Ki Sêcayuda | Si Gunawangsèku | iku têtindhih manira | kang sun karya matapitaning kang baris | aturna mring kapitan ||
190.028 Sutayuda kang sampun winisik | lawan Gunawăngsa ing sasolah | kasaru wau praptane | sira Kyai Tumênggung | Rajaniti wus tata linggih | alon ing aturira | kalamun panuju | karsa paduka mundura | ngupadosa dintên kang apênêd benjing | Kêmis ngajêng punika ||
190.029 wus tinundhung wau punggawa tri | mundur saking ngarsane rahadyan | kantun Ki Rajanitine | alon dènira matur [24: 34] | yèn suwawi punggawa katri | ngakêna bantu yuda | mring Salatigèku | nganggea kaprajuritan | sabalane dimèn samya ngati-ati | dening abdi paduka ||
190.030 angakêna urun anindhihi | wus panuju rahadèn apatya | myarsa sarêmbug-rêmbuge | ya ta warnanên dalu | sira radèn rêkyana patih | andhawuhkên timbalan | marang tri tumênggung | besuk dina Kêmis enjang | siyagaa binantokakên ing jurit | marang ing Salatiga ||
190.031 sira Ki Tumênggung Rajaniti | pan sadalu anèng kapatihan | apan wus matêng rêmbuge | antara tan winuwus | sampun prapta ing dina Kêmis | enjing samya siyaga | katri punggawèku | miwah wadya kapatihan | para lurah prapta sakancane sami | ngrasuk busanèng yuda ||
190.032 saha gêgamanira tan kari | aglar anèng ngarsane rahadyan | wau punggawa katrine | prapta ing dalêmipun | sira radèn rêkyana patih | alon dènnya ngandika | mring para tumênggung | kang timbalan sri narendra | ambantua mring Arya Pringgalayèki | marang ing Salatiga ||
190.033 lawan ingsun gawani têtindhih | prajurit ingsun ing jro sadaya | punggawa tri tur sêmbahe | lan malih ingsun tuduh | Mantri Kalang Gowong prasami | nanging ta antènana | ing loji karuhun | apan sun dadak kewala | sun dhawuhi parentah ing wau latri | kadi lamun rubêda ||
190.034 Ki Sutayuda ingkang tinuding | lawan Gunawăngsa mracayakna | marang punggawa katrine [24: 35] | kang winisik ing laku | ing timbalanira apatih | hèh sira ajanjiya | lan Si Goplêm iku | sangadia atêtanya | ing praptane wong Kalang Gowong inganti | Si Goplêm sumaura ||
190.035 yèn gêgaman Kalang dèrèng prapti | lamun uwis mêtu kaping tiga | nuli bocah ingsun kabeh | sami barênga ngamuk | dene ingkang rêbuta kori | kakangira Kusuma | lan Surayudèku | dening sira Sutayuda | Gunawăngsa dhingin angamuk ing loji | lawan katri punggawa ||
190.036 poma dèn padha angati-ati | anglakoni parentah narendra | para lurah sadayane | sandika aturipun | kumarubut sami ngabêkti | angaras ing suku sang | nuhun barkatipun | rahadèn patih ngandika | sun nyangoni ing salamêtira sami | ajana kang mundura ||
1.123 dari 1.487