Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
190–191 dari 234
1.123–1.124 dari 1.487
11.229–11.238 dari 14.865
190.035 yèn gêgaman Kalang dèrèng prapti | lamun uwis mêtu kaping tiga | nuli bocah ingsun kabeh | sami barênga ngamuk | dene ingkang rêbuta kori | kakangira Kusuma | lan Surayudèku | dening sira Sutayuda | Gunawăngsa dhingin angamuk ing loji | lawan katri punggawa ||
190.036 poma dèn padha angati-ati | anglakoni parentah narendra | para lurah sadayane | sandika aturipun | kumarubut sami ngabêkti | angaras ing suku sang | nuhun barkatipun | rahadèn patih ngandika | sun nyangoni ing salamêtira sami | ajana kang mundura ||
191. Durma
149. Wadya Kumpêni ing Kartasura pêrang kalihan prajurit Jawi
191.001 duk samana Tumênggung Jayasudirga | angimpi nora bêcik | karasèng tyasira | sariranya marlupa | wêwêlinging para rabi | miwah atmaja | padha dèn bêcik kari ||
191.002 Ki Tumênggung Natayuda duk samana | sadalu nora guling | pitêkur kewala | sariranya marlupa | sampun karaos ing galih | sadalu pisan | anêbut kongsi enjing [24: 36: e...njing] ||
191.003 sira Radèn Apatih Natakusuma | miyos paseban jawi | amanggihi marang | sira katri punggawa | pan sampun winêling-wêling | amit tur sêmbah | budhal sagunging baris ||
191.004 panganjure mantri sèwu numbakanyar | wadya Toyamas wuri | nulya kasambungan | prajurit kapatihan | busananya warni-warni | lir puspitabra | ingkang lumakyèng ngarsi ||
191.005 ingaranan atusan wong jayantaka | nulya kang anambungi | wong jayamanggala | nulya wong jayèngastra | wong narantaka nambungi | ing wurinira | nulya wong jayènglatri ||
191.006 nulya wong tanpagêmbung sumambung wuntat | wong tanparaga nuli | wong sêcanirbaya | lan wong sêcanirmala | kang munggèng wurine malih | wong jayaprusa | nêngguh kang anambungi ||
191.007 ing wurine ingaran wong kapêtêngan | sikêp sanjata karbin | waos cêcebolan | nulya wong pêpundhutan | pilihan măncanagari | Suradilaga | nêngguh kang anindhihi ||
191.008 Mangunonêng nindhihi wong kapêtêngan | lan Suradula nênggih | sira Nayagarwa | sadaya para lurah | wolung dasa sadayèki | momonganira | kinèn angati-ati ||
1.123–1.124 dari 1.487