Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
191–192 dari 234
1.129 dari 1.487
11.281–11.290 dari 14.865
191.051 adhuh gusti rumiyin gusti kondura | rèrèh dalêm rumiyin | apirêmbagana | lawan sagung punggawa | pan sampun tiwas ing jurit | yèn têtulunga | sêsulung lêbu gêni ||
191.052 sarêng myarsa ing ature Surayuda | duka radèn apatih | sêmutên kang jaja | sumung-sumung ing nala | yèn katingala tumuli | Goplêm pinatyan | dipun arsa pribadi ||
191.053 nulya kondur rahadèn rêkyana patya | wuwusên jroning loji | punggawa kang pêjah | dhuwunge ingambilan | katur kapitanirèki | kunarpanira | sampun binuwang kali ||
191.054 datan anggop mariyêm ing keri kanan | wau dènira bêdhil | nulya pêparentah | radèn rêkyana patya | mring sagung para dipati | kinèn ngêpunga | angangsêg lawan biting ||
191.055 sigra radèn rêkyana patya asowan | maring ing dalêm puri | mingêr lampahira | sapraptanirèng pura | ingandikan praptèng ngarsi | sri naranata | mèsêm ngandika [24: 43: nga...ndika] aris ||
191.056 kayaparan ta paman bubuhanira | dene anêniwasi | kya patih tur sêmbah | ngaturkên pêjah gêsang | gumujêng sri narapati | patih tur sêmbah | pukulun ingkang mawi ||
191.057 wontên abdi dalêm gusti ingkang edan | dèrèng prapta ing janji | lêbête sadaya | kang badhe ngagêm ing prang | nulya anyipat Kumpêni | alon ngandika | sang nata asmu kingkin ||
192. Asmaradana
192.001 iya uwis paman patih | apa ingkang winicara | paman kang uwis kalakon | balik sira kongkonana | marang Si Martapura | lan bocah jro martalulut | barênga kongkonanira ||
192.002 nuli pundhutên tumuli | kakang mas Wiramênggala | marang Si Kapitan Singsèh | sira pan wus kalampahan | paman uwis pratăndha | rahadèn patih umatur | pukulun atur kawula ||
192.003 abdi dalêm kang abaris | kang wontên ing Salatiga | pun Arya Pringgalayane | lêhêng gusti tinimbalan | lan pun Mlayakusuma | inggih ingkang ambêbujung | ing Pangran Wiramênggala ||
1.129 dari 1.487