Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
191 dari 234
1.124–1.125 dari 1.487
11.239–11.248 dari 14.865
191.009 lampahira wadya sèwu numbakanyar | prapta ngarsaning loji | angirid gêgaman | mingsêr ngilèn lampahnya | ing kawiragunan prapti | punggawanira | samya lumêbèng loji ||
191.010 para mantri panèwu kaliwonira | tumut lumêbèng loji | lan tindhih [24: 37: ti...ndhih] dyan patya | dene ta barisira | kang wadya radèn apatih | kèndêl samana | munggèng ngarsaning loji ||
191.011 sawetaning waringin binatur aglar | wau punggawa katri | sampun têtabean | lawan sira kapitan | Tumênggung Mangunnagari | Jayasudirga | Tumênggung lawan malih ||
191.012 ing Toyamas Tumênggung Yudanagara | kaliwone tan kari | sira Mangunyuda | sampun tata alênggah | lan tindhih rahadèn patih | Ki Sutayuda | Gunawăngsa kang kanthi ||
191.013 Sutayuda umatur marang kapitan | maringkên tabe ugi | rahadèn apatya | lawan katri punggawa | binantokakên ing jurit | mring Salatiga | nanging maksih anganti ||
191.014 Mantri Kalang Gowong ingkang dèrèng prapta | kapitan trimakasih | alon dènnya ngucap | mêngko yèn uwis prapta | kapanggiha lawan mami | sun arsa miyat | marang sagunging baris ||
191.015 kang bantu prang kang mukul Cina Bahrawa | Ki Mangunnagara ngling | adhi Sutayuda | dawêg dika pariksa | punapa ta sampun prapti | wong Gowong Kalang | Ki Sutayuda mijil ||
191.016 atêtanya mring wong lurah Jayantaka | Goplêm sumaur aglis | inggih dèrèng prapta | Mantri Gowong lan Kalang | Sutayuda wangsul aris | matur kapitan | gih tuwan dèrèng prapti ||
191.017 samya kèndêl wau ingkang kawuwusa | punggawa ing jro sami | miranti sadaya | ingkang mantri kaparak | jêjêl anèng ing sitinggil | gêgamanira [24: 38] | sinamur tan katawis ||
191.018 Ki Tumênggung Natayuda Wirajaya | wus miranti sitinggil | myang Tumênggung Tirta- | wiguna Wirarêja | samya ngrêksa kori gapit | ing jro pasowan | wadya gêdhong miranti ||
1.124–1.125 dari 1.487