Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
191 dari 234
1.125–1.126 dari 1.487
11.243–11.252 dari 14.865
191.013 Sutayuda umatur marang kapitan | maringkên tabe ugi | rahadèn apatya | lawan katri punggawa | binantokakên ing jurit | mring Salatiga | nanging maksih anganti ||
191.014 Mantri Kalang Gowong ingkang dèrèng prapta | kapitan trimakasih | alon dènnya ngucap | mêngko yèn uwis prapta | kapanggiha lawan mami | sun arsa miyat | marang sagunging baris ||
191.015 kang bantu prang kang mukul Cina Bahrawa | Ki Mangunnagara ngling | adhi Sutayuda | dawêg dika pariksa | punapa ta sampun prapti | wong Gowong Kalang | Ki Sutayuda mijil ||
191.016 atêtanya mring wong lurah Jayantaka | Goplêm sumaur aglis | inggih dèrèng prapta | Mantri Gowong lan Kalang | Sutayuda wangsul aris | matur kapitan | gih tuwan dèrèng prapti ||
191.017 samya kèndêl wau ingkang kawuwusa | punggawa ing jro sami | miranti sadaya | ingkang mantri kaparak | jêjêl anèng ing sitinggil | gêgamanira [24: 38] | sinamur tan katawis ||
191.018 Ki Tumênggung Natayuda Wirajaya | wus miranti sitinggil | myang Tumênggung Tirta- | wiguna Wirarêja | samya ngrêksa kori gapit | ing jro pasowan | wadya gêdhong miranti ||
191.019 Ki Tumênggung Rajaniti saha bala | sadalu dènnya wiwit | ambobok laleyan | sêdya anglambung yuda | wau kang winuwus malih | sira kapitan | lawan punggawa katri ||
191.020 dangu nganti ing praptane Mantri Kalang | kapitan tanya malih | punapa wus prapta | wong Gowong lawan Kalang | Ki Sutayuda gya mijil | matur sakala | matur yèn sampun prapti ||
191.021 Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Jayasudirga angling | hèh tuwan punika | wong Kalang sampun prapta | punapa karsa Kumpêni | angling kapitan | kula arsa kapanggih ||
191.022 ingsun arsa têtabean asung arak | têka sagêlas mangkin | ya ta kawarnaa | lêlurah Jayantaka | pangrasanira anênggih | Ki Sutayuda | sampun mêdal ping katri ||
1.125–1.126 dari 1.487