Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
191 dari 234
1.125–1.126 dari 1.487
11.246–11.255 dari 14.865
191.016 atêtanya mring wong lurah Jayantaka | Goplêm sumaur aglis | inggih dèrèng prapta | Mantri Gowong lan Kalang | Sutayuda wangsul aris | matur kapitan | gih tuwan dèrèng prapti ||
191.017 samya kèndêl wau ingkang kawuwusa | punggawa ing jro sami | miranti sadaya | ingkang mantri kaparak | jêjêl anèng ing sitinggil | gêgamanira [24: 38] | sinamur tan katawis ||
191.018 Ki Tumênggung Natayuda Wirajaya | wus miranti sitinggil | myang Tumênggung Tirta- | wiguna Wirarêja | samya ngrêksa kori gapit | ing jro pasowan | wadya gêdhong miranti ||
191.019 Ki Tumênggung Rajaniti saha bala | sadalu dènnya wiwit | ambobok laleyan | sêdya anglambung yuda | wau kang winuwus malih | sira kapitan | lawan punggawa katri ||
191.020 dangu nganti ing praptane Mantri Kalang | kapitan tanya malih | punapa wus prapta | wong Gowong lawan Kalang | Ki Sutayuda gya mijil | matur sakala | matur yèn sampun prapti ||
191.021 Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Jayasudirga angling | hèh tuwan punika | wong Kalang sampun prapta | punapa karsa Kumpêni | angling kapitan | kula arsa kapanggih ||
191.022 ingsun arsa têtabean asung arak | têka sagêlas mangkin | ya ta kawarnaa | lêlurah Jayantaka | pangrasanira anênggih | Ki Sutayuda | sampun mêdal ping katri ||
191.023 Walănda nèng ing Baturwringin sinipat | ing sanjata tan kêni | anggundam lumajar | marang loji sakala | kapitan kagyat miyarsi | sarya angucap | iku bêdhil punapi ||
191.024 sigra Sutayuda lawan Gunawăngsa | karo anarik kêris | goco mring kapitan | sigra dènnya lumumpat | kapitan anyandhak kursi | atangkis sarya | akèn anutup kori ||
191.025 munggah marang lotèng ngundang budhakira | kang anèng kamar sami | apan kalih dasa [24: 39: da...sa] | sami wong têtumbasan | angagêm pêdhang lan cundrik | wus lami myarsa | mila angati-ati ||
1.125–1.126 dari 1.487