Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
191 dari 234
1.126–1.127 dari 1.487
11.252–11.261 dari 14.865
191.022 ingsun arsa têtabean asung arak | têka sagêlas mangkin | ya ta kawarnaa | lêlurah Jayantaka | pangrasanira anênggih | Ki Sutayuda | sampun mêdal ping katri ||
191.023 Walănda nèng ing Baturwringin sinipat | ing sanjata tan kêni | anggundam lumajar | marang loji sakala | kapitan kagyat miyarsi | sarya angucap | iku bêdhil punapi ||
191.024 sigra Sutayuda lawan Gunawăngsa | karo anarik kêris | goco mring kapitan | sigra dènnya lumumpat | kapitan anyandhak kursi | atangkis sarya | akèn anutup kori ||
191.025 munggah marang lotèng ngundang budhakira | kang anèng kamar sami | apan kalih dasa [24: 39: da...sa] | sami wong têtumbasan | angagêm pêdhang lan cundrik | wus lami myarsa | mila angati-ati ||
191.026 apan kuwur wong Jawa untêl-untêlan | wau punggawa katri | anarik curiga | nanging tan olih papan | tinunjang-tunjang wadyalit | wong têtumbasan | gapyuk samya ngêbyuki ||
191.027 bilulungan samya ngulati dêdalan | dènira arsa mijil | sarwi binêdhilan | saking lotèng kèh pêjah | ya ta kang anèng ing jawi | pan binêdhilan | mriyêm sing baluwarti ||
191.028 pan malêdug sami angungsi jêjurang | krêtêg ngandhaping kali | sira Surayuda | lawan Wirakusuma | pêksanya arêbut kori | pan katadhahan | katulak drêsing mimis ||
191.029 gya lumajar samana mantri têtiga | kang maksih jroning loji | mêksa bilulungan | tan ana akiwula | saking lotèng dèn bêdhili | kang saking ngandhap | budhak samya ngamuki ||
191.030 wong Kumpêni ngumpul mring lotèng sadaya | eca dènnya bêdhili | pan wus kathah pêjah | wong Jawa lêng-ulêngan | Jayasudirga akanin | Mangunnagara | prasamya dèn popori ||
191.031 Ki Tumênggung Yudanagara Toyamas | miyat punggawa katri | yèn wus katriwandhan | sigra dènnya lumajar | nusup lomponganing bêdhal |[1] lumumpat mêdal | kapurancang dèn byuki ||
1.126–1.127 dari 1.487

 


Biasanya guru lagu i: bêdhil. (kembali)