Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
191 dari 234
1.127–1.128 dari 1.487
11.263–11.272 dari 14.865
191.033 turut lèpèn dènira sami lumajar | warnanên ing sitinggil | Ki Tumênggung Nata- | yuda la[1] Wirajaya | miyarsa swaraning bêdhil | hèh batur kănca | payo kari ing kardi ||
191.034 gêbyog kulon iku padha rubuhêna | gya rinubuhkên aglis | Kumpêni garjita | sigra wadya kaparak | saragêni sarêng bêdhil | Kumpêni tadhah | rame bêdhil-binêdhil ||
191.035 Ki Tumênggung Rajaniti wadyanira | bata kilèn andhani | awantêr ing yuda | angantêp bêdhah bata | minggah bata dèn andhani | prapta ing ngandhap | Dêmang Kondur namèki ||
191.036 lajêng ngamuk wus pêjah dening sanjata | kancanira ningali | tan wontên kang tahan | wangsul malorod mêdal | sigra kang wadya Kumpêni | kotbuta mangsah | minggah maring sitinggil ||
191.037 nurut rubuhaning gêbyog marginira | kuwur wadyèng sitinggil | akathah lumajar | Tumênggung Natayuda | wus aniyat mati sabil | panggah ing rana | binendrong dening bêdhil ||
191.038 ingkang wadya kaparak kuwur tatanya | katunjang para mantri | Ngabèi Jasănta | lawan Asmarandana | Tumênggung Natayudèki | sinipat kêna | jajane wus ngêmasi ||
191.039 Ki Ngabèi Asmarandana kalawan | Jasănta arsa pulih | tinadhahan tinggar | sinipat ing sunapan | Asmarandana wus kêni | lambunge kanan | niba nulya ngêmasi ||
191.040 Ki Ngabèi Jasănta tatu sirahnya | sutanya arsa pulih | ran [24: 41: ra...n] Jayadirana | ngakahi jisimira | sinanjata ing Kumpêni | kêna aniba | Jadirana ngêmasi ||
191.041 gusis wadya kang anèng ing sitibêntar | sigra wadya Kumpêni | angabani bala | loji lèr sêdyanira | wus lajêng bala Kumpêni | golong lampahnya | ing alun-alun prapti ||
191.042 ya ta wau Ki Tumênggung Wirajaya | kang lagya angayuni | ing wadya kaparak | nèng kidul Pamacanan | miyat ing bala Kumpêni | angalèr mêdal | sigra kinèn nututi ||
1.127–1.128 dari 1.487

 


lan. (kembali)