Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
192 dari 234
1.132 dari 1.487
11.311–11.320 dari 14.865
192.024 Ping Bulung umatur aris | aprakawis ing Samarang | sampun tuwan walang atos | samăngsa dipun rêmêda | pasthi lêbur sadaya | Kumpêni sadarbèkipun | wus samya anèng baita ||
192.025 apan inggih angantosi | dyan patih lurah kawula | nêngguh pun Kapitan Singsèh | inggih timbalan sampeyan | tuwin jêng sri narendra | pinanggih samangsanipun | ampang loji ing Samarang ||
192.026 gumujêng rahadèn patih | alon dènira ngandika | ing kene kaya kapriye | pan wus kêmput biting ingwang | matur prajurit Cina | langkung ing karsa pukulun [24: 47] | kawula darmi lumampah ||
192.027 tuwan andikakna nênggih | angamuk dalu sandika | tuwin ing siyang wus dene | apan ta sampun kasêdya | lêbura ing ayuda | anglampahi ing satuduh | sampeyan sarta sang nata ||
192.028 suka dènira miyarsi | alon dènira ngandika | iku ta aja mangkono | saenak-enaking lampah | sira ywa kongsi rusak | sukèng tyasira umatur | sagunging prajurit Cina ||
192.029 inggih kalamun suwawi | sampeyan sugih sanjata | mariyêm agêdhe-gêdhe | kula kêpunge kewala | biting kinarya rupak | sinanjata saking luhur | ing balowarti punika ||
192.030 wontên ingkang kantun nênggih | sisaning mimis ing benjang | kula lêbêti kemawon | kula amuke lan pêdhang | abir rintên kewala | pasthi tumpês datan kantun | gih kula idêk kewala ||
192.031 ngandika rahadèn patih | gampang wong angamuk wuntat | yèn wus kari wus sapele | pikirmu kang mau ika | iya ingsun kaduga | saksana sarêng tinundhung | pinarnah ing pamondhokan ||
192.032 dene sagung pra dipati | sampun ngêpung bitingira | ngangsêg kalawan temboke | sagung kang prajurit Cina | samya nuwun sang nata | mariyêm kang agung-agung | kenginga kadamêl yuda ||
192.033 sri naranata nglilani | ing dina Saptu[1] samana | ayun-ayunan bitinge | loji kinêpung sadaya | wong Cina lan wong Jawa | jagani mariyêmipun | bubuhane sowang-sowang ||
1.132 dari 1.487

 


Sabtu. (kembali)