Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
193 dari 234
1.135 dari 1.487
11.341–11.350 dari 14.865
193.005 wau radèn rêkyana apatih | sowan mring kadhaton | ngaturakên Sapanjang praptane | myang aturira katur narpati | ngandika sang aji | amaringi sampun ||
193.006 Kapitan Sapanjang dèn timbali | pinanggihan ngregol | pinaringkên patêdhan sang rajèng | langkung dènira tarima kasih | tan sagêd mangsuli | pêjah gêsang katur ||
193.007 wus tinundhung ing rahadèn patih | kinèn amakuwon [24: 51: a...makuwon] | sapraptane wau ing pondhoke | wus binagi patêdhan narpati | yatra myang jêjarit | sadaya wus dinum ||
193.008 tan winarna dalu pêndhak enjing | prajurit Cinangrok | pun Kapitan Panjang sabalane | sowan marang rahadèn apatih | atabean sami | atata alungguh ||
193.009 pun Sapanjang anênuwun kardi | mênggahing palugon | rêkyana patih alon dêlinge | kayaparan rakiting ajurit | apa wis adadi | pikir lan bangsamu ||
193.010 pun Sapanjang aturira aris | inggih sampun dados | kula nuwun ing sampeyan mangke | lakar kang agêng-agêng lan bêsi | inggih yèn prayogi | kula damêl undhuk ||
193.011 undhuk punika kula sukani | galindhingan loro | pan wong Cina kang wontên jêrone | inggih sadaya cêlak ing loji | yèn sampun arampid | kula kèn angamuk ||
193.012 sawêdale saking undhuk sami | tumèmpèla banon | angrangsanga mènèk ing banone | angamuka lawan pêdhang abir | sarênga angrampid | dêdimène bingung ||
193.013 lawan malih kawula miyarsi | wong Cina kang wartos | ngajêng loji pan wontên borange | kang dinamêl borang lading gapit | pangot lawan sêking | inggih wartinipun ||
193.014 kula nuwun kula jalêr èstri | kang kathah lan kêbo | ngajêng undhuk punika ênggène | dimèn kêrah ngidak-idak sêking | borang lading gapit | dêdimène lêbur ||
1.135 dari 1.487