Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
193 dari 234
1.135–1.136 dari 1.487
11.347–11.356 dari 14.865
193.011 undhuk punika kula sukani | galindhingan loro | pan wong Cina kang wontên jêrone | inggih sadaya cêlak ing loji | yèn sampun arampid | kula kèn angamuk ||
193.012 sawêdale saking undhuk sami | tumèmpèla banon | angrangsanga mènèk ing banone | angamuka lawan pêdhang abir | sarênga angrampid | dêdimène bingung ||
193.013 lawan malih kawula miyarsi | wong Cina kang wartos | ngajêng loji pan wontên borange | kang dinamêl borang lading gapit | pangot lawan sêking | inggih wartinipun ||
193.014 kula nuwun kula jalêr èstri | kang kathah lan kêbo | ngajêng undhuk punika ênggène | dimèn kêrah ngidak-idak sêking | borang lading gapit | dêdimène lêbur ||
193.015 angandika rahadèn apatih [24: 52: apa...tih] | ya prayoga ingong | agawea undhuk dipun age | yèn wus dadi ngaturana uning | nuli sun paringi | jaran èstri jalu ||
193.016 gya Sapanjang mundur atur pamit | mantuk amakuwon | sira rahadyan patih nulyage | mundhut kayu mring wong Kalang prapti | kinèn maringnaglis | mring pakuwonipun ||
193.017 Sapanjang sigra kayu wus prapti | lakar myang galondhong | gya Sapanjang aswarèng balane | samya karya undhuk siyang latri | ganti kang winarni | nênggih kang winuwus ||
193.018 kang nèng jro loji wadya Kumpêni | katêndhagan uwos | langkung prihatin Kapitan Langpèl | agunêman lutnan sèkrêtaris | Kapil Pilêm nênggih | kapitan amuwus ||
193.019 kayaparan dayanira iki | batur wis kalêson | yèn awèta kinêpung mangkene | nora wande mati datan bukti | lan prang dudu tandhing | karubuhan gunung ||
193.020 Lutnan Kèlas alon anauri | tan sagêd miraos | ing ayuda dede sêsanggane | pikir punika kalih prakawis | pundi kang pinilih | urip lawan lampus ||
1.135–1.136 dari 1.487