Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
193 dari 234
1.134–1.135 dari 1.487
11.337–11.346 dari 14.865
193. Mijil
193.001 katêmu wuri wong jaluk idi | sêsukêring katong | pan ing kene iya maksih akèh | sêsukêr dalêm pan durung rêsik | rêsikana dhingin | Sapanjang umatur ||
193.002 yèn makatên ingkang karsa inggih | sampun walangatos | abdi dalêm Cina sadayane | awon pêjah wontên ing Batawi | pan langkung utami | pêjaha pukulun ||
193.003 wontên ngarsane ing sri bupati | ing ayahan katong | nanging lilah paduka samangke | amanggihi băngsa kula dhingin | Cina kang wus lami | nèng ngriki pukulun ||
193.004 lèngsèr saking ngarsane dyan patih | kinèn amakuwon | pinrênah wetaning kadipatèn | ambèr mangetan ing Gumpang prapti | Sapanjang wus panggih | lan Êtik Ping Bulung ||
193.005 wau radèn rêkyana apatih | sowan mring kadhaton | ngaturakên Sapanjang praptane | myang aturira katur narpati | ngandika sang aji | amaringi sampun ||
193.006 Kapitan Sapanjang dèn timbali | pinanggihan ngregol | pinaringkên patêdhan sang rajèng | langkung dènira tarima kasih | tan sagêd mangsuli | pêjah gêsang katur ||
193.007 wus tinundhung ing rahadèn patih | kinèn amakuwon [24: 51: a...makuwon] | sapraptane wau ing pondhoke | wus binagi patêdhan narpati | yatra myang jêjarit | sadaya wus dinum ||
193.008 tan winarna dalu pêndhak enjing | prajurit Cinangrok | pun Kapitan Panjang sabalane | sowan marang rahadèn apatih | atabean sami | atata alungguh ||
193.009 pun Sapanjang anênuwun kardi | mênggahing palugon | rêkyana patih alon dêlinge | kayaparan rakiting ajurit | apa wis adadi | pikir lan bangsamu ||
193.010 pun Sapanjang aturira aris | inggih sampun dados | kula nuwun ing sampeyan mangke | lakar kang agêng-agêng lan bêsi | inggih yèn prayogi | kula damêl undhuk ||
1.134–1.135 dari 1.487