Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
193 dari 234
1.136–1.137 dari 1.487
11.357–11.366 dari 14.865
193.021 lamun tuwan amiliha mati | inggih sami mogok | linawanan aprang salamine | ajur luluh asampun gumingsir | lamun milih urip | dawêg sami nungkul ||
193.022 langkung dènnya wagugên ing galih | miyarsa wiraos | Lutnan Langpèl Kèlas ing rêmbuge | Kapitan Langpèl alon dènnyangling | sun atur kintaki | marang sang aprabu ||
193.023 wus dadya kang rêmbag atur tulis [24: 53] | marang sang akatong | kuli-kuli wau kang kinèngkèn | ingopahan salawe wus prapti | bitinge wong Jawi | pan alampah pandung ||
193.024 kang surat inguncalkên jro biting | wangsulnya palayon | kawarnaa wau ing enjinge | kang ajaga biting aningali | layang gya ingambil | tinon lamatipun ||
193.025 badhe katur ing jêng sri bupati | sigra lampahnya wong | tur uninga ing dyan patih age | lamun wontên sêrate Kumpêni | lamatipun inggih | katur ing sang prabu ||
193.026 wus tinampan marang ing dyan patih | lamatira tinon | katur marang sang nata ungêle | sigra nuduh rahadèn apatih | marang ing jro puri | nyanthèlakên atur ||
193.027 mring Tumênggung Tirtawigunèki | katura sang katong | duta kapatihan ing lampahe | prapta ing srimanganti wus panggih | Tirtawigunèki | ponang surat katur ||
193.028 lajêng katur ing sri narapati | binuka winaos | aturipun pun Kapitan Langpèl | nuwun apuntên sri narapati | lan wontêna mugi | parentah sang prabu ||
193.029 marang sagung ingkang pra dipati | kang ngangsêg ing têmbok | lêlumbungan angrupaki bètèng | langkung miris kawula ningali | lawan kaping kalih | tur uningèng prabu ||
193.030 abdi dalêm Kumpêni tan bukti | kawula nuwun wos | inggih sampun alami towonge | sri narendra mèsêm amiyarsi | pinaringkên maring | Tirtawigunèku ||
1.136–1.137 dari 1.487