Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
193 dari 234
1.138 dari 1.487
11.371–11.380 dari 14.865
193.035 wus mupakat wani ing Kumpêni | cape ana kono | pra dipati cape rinarèntèng | wite saking ing sira pribadi | kang agawe wani | mring punggawaningsun ||
193.036 langkung onêng kapitan miyarsi | luhira drês miyos | Lutnan Kèlas alon ing ature | adhuh sampun kêkathahên pikir | dawêg derah pati | yèn sêdya anungkul ||
193.037 sampun dadya rêmbag atur pati | urip mring sang katong | sigra dènnya amanggil Salomprèt | kang pinanggil prapta wus winêling | kinèn nuli kardi | kapitan amuwus ||
193.038 nuli ngadêgna bandera putih | panjêrên dèn katon | kang tinuduh sigra pangambile | wus pinanjêr sangajênging kori | wong kang anèng biting | kagyat samya dulu ||
193.039 aningali ing bandera putih | gumrah samya alok | kang satêngah [24: 55: sa...têngah] surak rame-rame | ya ta kagyat kang bala Kumpêni | panyiptaning galih | dènyarsa anungkul ||
193.040 tan tinarima maring wong Jawi | prasamya mirantos | samya ngadhêpi ing mariyême | dangu-dangu wong Jawa inganti | tan wontên abêcik | kapitan amuwus ||
193.041 mara Salomprèt mêtua aglis | sigra dènnya miyos | awan sampun nêlas wêwêlinge | pan Salomprèt sarwi mrêbês mili | tan anyipta urip | praptèng biting sampun ||
193.042 wong Jawa kagyat samya umèksi | kang sawênèh alok | ana Walănda siji marene | payo kănca kinêpung tumuli | Salomprèt nauri | pan ingsun ingutus ||
193.043 seba marang rahadèn apatih | mring kapitan ingong | mara aturêna ingsun age | marêk ing radèn rêkyana patih | kang ngêpung nauri | wêdi gawa ingsun ||
193.044 yèn maksiha unjaran sirèki | yèn têmên kinongkon | ingsun bănda dhingin sira mangke | pan Salomprèt alon dènnya angling | bandanên sun iki | nanging tangan ingsun ||
1.138 dari 1.487