Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194 dari 234
1.146 dari 1.487
11.451–11.460 dari 14.865
194.056 Kapitan Singsèh dènnya abaris | wus angrupak anèng ing Tarbaya | Martapura têtindhihe | Sapanjang Sabukalu | Mangkuyuda ingkang nindhihi | banjêng pakuwonira | akapang akêpung | wus maju ingkang pragota | Rarèn[1] Arya Mlayakusuma lan malih | Radèn Wiryadiningrat ||
194.057 ing Pangambêngan dènnya bêbiting | ganti wau ingkang kawuwusa | Kumpêni prapta bantune | wus mêntas saking laut | Komasaris Johan Mantèling | Hugupêrisêl lawan | wadya gangsal atus | Bugis Ambon lan Makasar | lan Tarnite gangsal atus praptèng loji | kumêndur trusthèng driya ||
194.058 sawusing antara tigang ratri | wadya Kumpêni anglarag mêdal | anêpungi bitingane | nêngguh pan Sabukalu | lan Tumênggung Mangkuyudèki | Kumpêni tan rêringa | tate angsal buru | duk aprang lawan Sapanjang | nèng Batawi ing mangkya tangkêbing [24: 70: tangkê...bing] jurit | tan mawi taha-taha ||
194.059 rame campuh pan bêdhil-binêdhil | wadya Kumpêni samya angrangsang | pun Sabukalu nulyage | lawan Radèn Tumênggung | Mangkuyuda samya nadhahi | ing mriyêm kalantaka | anglir prawatarum | wadya Kumpêni kèh pêjah | Sabukalu sigra dènira ngudhuni | lawan sabalanira ||
194.060 pan ingamuk lawan pêdhang abir | rusak wadya Kumpêni lumajar | kabutuh anèng ing lèpèn | prajurit Cina anglud | wong Kumpêni kathah ngêmasi | pêjah kang sangang dasa | ing sakancanipun | ngungsi jro loji prasamya | Walănda kang anèng jro loji anuli | mriyêm ing palataran ||
194.061 Sabukalu asuwarèng dasih | samya mundur kang prajurit Cina | sarêng prapta pakuwone | akasukan sadalu | wong Kumpêni lami tan mijil | antara pitung dina | anglarag mangidul | anulya gepak mangetan | barisira Kapitan Singsèh ginitik | lan Radèn Martapura ||
194.062 campuh ing prang abêdhil-binêdhil | Martapura anindhihi Cina | lan Ngabèi Tarbayane | Kumpêni tan kaburu | kang kacandhak kathah ngêmasi | praptèng jro loji samya | tinulungan sampun | ing mriyêm sing palataran | wadya Cina mundur amakuwon malih | lan Radèn Martapura ||
194.063 miris kêkês prajurit Kumpêni | pan alami botên mêdal-mêdal | amêmpên ing loji age | ganti ingkang winuwus | Martayuda trahing Samawis | ngantukkên mring [24: 71] Samarang | lawan sutanipun | gangsal ingkang sami priya | dèn misuwurakên santana Matawis | kang wontên ing Pulokap ||
194.064 yèn anglarag punika nindhihi | songsong kuning dadya sami rungak | wong Jawa myang sawarnine | Kumpêni analimur | Răngga Tisnawijaya nênggih | Kumpêni duk samana | anglarag mangidul | wanci ing pukul sakawan | biting ing Pangambêngan ingkang ginitik | Radèn Mlayakusuma ||
194.065 samya nendra ingkang ngrêksa biting | tan uninga yèn Kumpêni prapta | gugup saking pangêdrèle | gundam samya lumayu | rêrêksane datan tinolih | mariyêm kang kagungan- | nira sang aprabu | Rahadèn Mlayakusuma | kang anggadhuh wus binandhang ing Kumpêni | gègèr ing pamondhokan ||
1.146 dari 1.487

 


Radèn. (kembali)