Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194 dari 234
1.146–1.147 dari 1.487
11.458–11.467 dari 14.865
194.063 miris kêkês prajurit Kumpêni | pan alami botên mêdal-mêdal | amêmpên ing loji age | ganti ingkang winuwus | Martayuda trahing Samawis | ngantukkên mring [24: 71] Samarang | lawan sutanipun | gangsal ingkang sami priya | dèn misuwurakên santana Matawis | kang wontên ing Pulokap ||
194.064 yèn anglarag punika nindhihi | songsong kuning dadya sami rungak | wong Jawa myang sawarnine | Kumpêni analimur | Răngga Tisnawijaya nênggih | Kumpêni duk samana | anglarag mangidul | wanci ing pukul sakawan | biting ing Pangambêngan ingkang ginitik | Radèn Mlayakusuma ||
194.065 samya nendra ingkang ngrêksa biting | tan uninga yèn Kumpêni prapta | gugup saking pangêdrèle | gundam samya lumayu | rêrêksane datan tinolih | mariyêm kang kagungan- | nira sang aprabu | Rahadèn Mlayakusuma | kang anggadhuh wus binandhang ing Kumpêni | gègèr ing pamondhokan ||
194.066 nulya mundur kang bala Kumpêni | sarya bêkta mariyêm bandhangan | samana sanès tangkêbe | dene wus angsal buru | sabên dènnya nglanggar mêdali | mariyêm palayangan | kang binêkta magut | sinèrèt dening turăngga | pira-pira mariyêm binêktèng jurit | Cina asring kasoran ||
194.067 Radèn Arya Mlayakusumaglis | lawan Rahadèn Wiryadiningrat | rêmbag atur uning age | mariyêm tiwasipun | pan kabandhang marang Kumpêni | lawan atur uninga | Cina tandangipun | mangkya kadya gêgotongan | lan wong Jawa datan angrasa ngawaki | duta wus lumaksana ||
194.068 tan winarna ing marga wus prapti | nagri Kartasura ponang duta | tumamèng ngabyantarage | ing radèn [24: 72: radè...n] patih katur | sêratira saking Samawis | winaos wus kadriya | samana angungun | asmu duka tanpa ingan | ingangsulan kang duta tinulak bali | mundhi surat apatya ||
194.069 enggal lampahe praptèng Samawis | katur ing Radèn Mlayakusuma | Radèn Wiryadiningrate | atampi sêrat sampun | gya binuka rahadèn kalih | bêbukane kang salam | sira kalih sung wruh | kagungan dalêm kabandhang | mariyême nuli rêbutên tumuli | yèn katura dinukan ||
194.070 lawan sapa kang angrêbut malih | ingsun ganjar limang atus reyal | kalawan sira malihe | atur paksi maringsun | yèn wong Cina tindak ing mangkin | ing aprang gêgotongan | tan ngrasa katêmpuh | bênêr akale wong Cina | sira iku pan sami angalakoni | parentahing narendra ||
194.071 dene têka padha ngiring-iring | mring wong Cina apan iku iya | nora karuwan jamane | pan ora mangkonèku | wong nglakoni karyèng narpati | kaya dudu punggawa | pikirira iku | munduran kaya wong rucah | radèn kalih miyarsa kalangkung ajrih | gya parentah ing wadya ||
194.072 samya kinèn ngangsêgakên biting | lan angrêbat mriyêm kang kabandhang | wadyalit gugup tandange | Dyan Sujanapurèku | kang nindhihi angangsêg biting | lawan kaliwonira | Rahadèn Tumênggung | Wiryadiningrat kang nama | Angabèi Wiradigda lawan malih | Ngabèi Rêksapraja ||
1.146–1.147 dari 1.487