Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194–195 dari 234
1.148 dari 1.487
11.471–11.480 dari 14.865
194.076 saking Sidayu budhal kang baris | sêdya ngrabasèng kitha ing Jipang | anggêgilani tandange | ingkang katrajang gêmpur | padhusunan ing Jipang prapti | wadyèng Sampang bêbahak | dhusun Majaranu | duta praptèng Kartasura | gya tumamèng ngabyantara sira patih | katur kang ponang surat ||
194.077 tinupiksa ing radèn apatih | lajêng katur ing sri naradipa | Tumênggung [24: 74: Tu...mênggung] Mataun srate | ngandika sang aprabu | ing rahadèn rêkyana patih | hèh paman kayaparan | rèhira ing kewuh | umatur rêkyana patya | inggih awrat yèn mênggah kawula gusti | dene kang saking wetan ||
194.078 pun Madura èsmu makèwêdi | ing Samawis abdi dalêm rusak | asring kasoran yudane | pun Cina botên urus | angandika sri narapati | prakara ingkang wetan | paman lamun mêtu | ing pikire Cakraningrat | kêkêjêra paman ora dadi pikir | ingsun kaduga nambak ||
194.079 mung kang êlor pikirên dèn bêcik | rêmbugana lan Tirtawiguna | lawan Si Pringgalayane | sampun tinundhung mêtu | sira radèn rêkyana patih | sapraptanirèng jaba | animbali gupuh | ing Rahadèn Pringgalaya | lan Tumênggung Tirtawiguna wus prapti | ing dalêm kapatihan ||
194.080 angandika rahadèn apatih | kadipundi kang Tirtawiguna | myang anak Pringgalayane | timbalane sang prabu | samya kinèn mikir kang bêcik | pasanging lêlampahan | kaledhon ing kewuh | yèn tumrapa wong asalat | iman amin makmume alon tan amin | pan inggih pun Madura ||
194.081 mangkya kakang ngrêrubêdi pikir | sira Tumênggung Tirtawiguna | măngsa borong ing ature | tan sagêd urun wudhu | miwah Arya Pringgalayèki | radèn patih ngandika | sami dika mantuk | nèng ngriki asil punapa | dhêlêg-dhêlêg karo tan kêna tinari | mundur nusahi manah [24: 75] ||
195. Durma
195.001 sira Tirtawiguna lan Pringgalaya | undure asmu runtik | rahadèn apatya | langkung kaku tyasira | nimbali măncanagari | pan sampun prapta | ngarsane kyana patih ||
195.002 sigra radèn apatih apêparentah | mring wong măncanagari | pangiwa sadaya | Rahadèn Surabrata | kinèn abantu ajurit | marang ing Jipang | budhal saking nagari ||
195.003 nanging mantuk rumiyin Ki Surabrata | angêrig kang wadyalit | sapanêkarira | samya angêrig bala | kunêng kawuwusa malih | Tumênggung Jipang | ayun-ayunan jurit ||
195.004 wadya Jipang dèrèng samêkta sadaya | kasêlak mungsuh prapti | bala ing Madura | sampun angrampit kitha | Tumênggung Mataun nênggih | sawadyanira | rêmbug samya ngoncati ||
1.148 dari 1.487