Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194 dari 234
1.141–1.142 dari 1.487
11.407–11.416 dari 14.865
194.012 nulya nulak praptaning jro puri | lampahira Ki Arya Madura | wus katur sang nata kabèh | solahira ingutus | dhuwung katur marang sang aji | loji wus kinèn ngrêksa | marang punggawagung | antawise tigang dina | sri narendra têdhak pan arsa udani | gumrah kang balakuswa ||
194.013 pukul tiga pêpak kang wadyalit | myang punggawa santana pêpakan | wong Cina tata barise | wadyabala supênuh | kang jajaran kapang miranti | busana warna-warna | gumrah ngalun-alun | barise lêlurung tembak | anglir sêkar sataman dinulu asri | punggawa ting prangangah ||
194.014 umyang kêkênthung Cina gong bèri | anglir macan kang binabasahan | wong Cina saking berage | gya miyos sang aprabu | nitih kuda cahyanya wêning | gumêrah wadyabala | ing loji gya rawuh | lajêng lumêbêt sang nata | ing jro loji pra punggawa datan kari | santana kantun jaba ||
194.015 sarawuhe sang nata ing loji | akathah-kathah ingkang pinriksa | loji ingubêngan kabeh | kathah ingkang dinangu | tiningalan dening narpati | pasang myang rakitira | eram sang aprabu | loji nulya kinèn bubrah | lêlarene sadaya kinèn ngurugi | nulya kinèn ngusunga ||
194.016 tan adangu kondur sri bupati | sampun dalu rawuh ing kadhatyan | pra nayaka bubar kabèh | warnanên enjingipun | donya ngloji wus [24: 61: wu...s] dèn usungi | kacatur tigang dina | dènnya ngusung-usung | rajabrana warna-warna | mas salaka reyal uwang myang kêkêling | apa kang nora ana ||
194.017 kawan atus sênapan Kumpêni | langkung pitulas katur ing nata | tigar mariyêm pan akèh | obate kathahipun | êtong satus sawidak siji | kang pangandika nata | donya kinèn ngêdum | mring wadya dinum warata | amung radèn apatih kang datan apti | donya ngloji jarahan ||
194.018 datan arsa kaduman Walandi | sira Rahadèn Natakusuma | sampun kawaratan kabèh | Kumpêni kang anungkul | pan sadaya kinèn nyunati | lan winuruk agama | salin nabinipun | mangkana ingkang kocapa | kang tinilar pangeran arya rumiyin | kang dadya punakawan ||
194.019 ingkang nama Radèn Êmas Sahid | Radèn Mas Ambiya Dèn Mas Sabar | sampun agêng katigane | pangandikaning prabu | samya kinèn basahan sami | tinunggal pagandhèkan | mantri nom ranipun | sarta kaparingan nama | kang atuwa rahadèn ingkang wêwangi | Radèn Suryakusuma ||
194.020 Radèn Mas Ambiya kang wêwangi | nama Rahadèn Martakusuma | Dènmas Sabar wêwangine | Wiryakusuma iku | sabin sami dipun paringi | nyalawe cacahira | sèkêt ingkang sêpuh | mantri anom pagandhèkan | radèn tiga kirang nyandhang kirang bukti | langkung dening musakat ||
194.021 angur kang sêpuh nandhang sadhidhik[1] | saking barkating ibu lan rama | kang rayi-rayi kalihe | tan cukup dhaharipun | tan kawawi [24: 62: ka...wawi] anandhang kalih | saking musakatira | langkung kawlasayun | gênti ingkang kawuwusa | pan Kumêndur Natanahil ing Samawis | sampun atur uninga ||
1.141–1.142 dari 1.487

 


sakêdhik. (kembali)