Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194 dari 234
1.142–1.143 dari 1.487
11.417–11.426 dari 14.865
194.022 marang Gurnadur Jendral Batawi | lamun sang nata têtulung Cina | kang duta lumaksanage | datan kawarnèng laut | praptanira nagri Batawi | tumanduk ponang duta | katur suratipun | sampunya amaos surat | samya ngungun Rad pan Indiya miyarsi | miwah gurnadur jendral ||
194.023 ambicara sagunging radpêni | sawusira dadya aputusan | ambantoni ing yudane | de nata kang tinuduh | Komasaris Johan Mantèling | lan komasaris tuwa | nênggih namanipun | Hugupêrisêl punika | kalih samya tinuduh bantu ngajurit | dhatêng nagri Samarang ||
194.024 gangsal atus Kumpêni dèn irid | pan kajawi Kumpêni kang Islam | Ambon Makasar Tarnite | sadaya dadya sèwu | wong Makasar ingkang nindhihi | aran Dhaèng Mabelah | lawan malihipun | Dhaeng Kulalah lan Ngusman | wus sayaga badhe numpak ing jaladri | ganti kang kawuwusa ||
151. Adipati Jayaningrat sèlèh kalênggahan lajêng paring pêpèngêt dhatêng putra mantu nama Raden Supama. Pêpêrangan ing Samarang
194.025 sira radèn rêkyana apatih | wus amatah sagunging punggawa | pasisir bantu yudane | dene ta kang tinuduh | angêpunga loji Samawis | ing Batang Pakalongan | Kêndhal Kaliwungu [24: 63] | ing Dêmak lan Garobogan | ing Barêbês Pamalang ngêpung ing Têgil | dene loji Japara ||
194.026 pan ing Kudus kalawan ing Pathi | loji Rêmbang Lasêm Pajangkungan | Juwana tinuduh prange | punggawa Surèngkewuh | binubarkên saking Samawis | pan kinèn anggêcêka | loji Surèngkewuh | akanthi Grêsik Lamongan | pan ing Tuban Sidayu samya ambalik | tumut marang Madura ||
194.027 ing Samarang andina ajurit | long-linongan Kumpêni kasoran | amêmpên ing loji bae | radèn patih amuwus | sowan marang sajroning puri | apan atur uninga | ing pandhongkolipun | Adipati Jayaningrat | asangadi sakit yèn lêga sang aji | kenginga mantunira ||
194.028 Radèn Sumadiwirya kang nami | sutanira rahadèn apatya | sang nata lêga manahe | lan malih aturipun | sira radèn rêkyana patih | kapitan lawan lutnan | sèkrêtarisipun | suwawi pinêjahana | bokmanawi punika amangun pikir | dadya sandi upaya ||
194.029 sri narendra apan anuruti | ing ature rahadèn apatya | wus mêdal saking purane | dhinawuhakên sampun | yèn kapitan kinèn mêjahi | sèkrêtaris myang lutnan | pinêjahan sampun | mung lutnan tan pinêjahan | pun Kapitan Pringgalaya kang mêjahi | kali Pepe samana ||
194.030 sakalangkung mêmêlas duk mati | Kapitan Langpèl pan sampun pêjah | dene ta sèkrêtarise | Rajaniti kang nglampus [24: 64] | nora pasah dipun pênthungi | kalangkung amêmêlas | ya ta kang winuwus | sira Kapitan Sapanjang | tinimbalan ing radèn rêkyana patih | prapta wus têtabean ||
194.031 dhinawuhan sayaga ngajurit | ambantua kang aprang Samarang | wong Cina kêrigên kabèh | dene kanthinirèku | sri narèndra amatêdhani | anindhihi ing sira | punggawa pêpitu | Kapitan Panjang sandika | sampun siyang sawadya pantara ratri | rêmak dipun bandhêmna ||
1.142–1.143 dari 1.487