Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
194 dari 234
1.140–1.141 dari 1.487
11.397–11.406 dari 14.865
194.002 wus parentah rahadèn apatih | marma Radèn Arya Pringgalaya | prakawis Kapitan [24: 58: Kapita...n] Langpèl | myang Kumpêni sadarum | lamun mêdal kinèn manggihi | Kumpêni kawarnaa | wanci pukul pitu | mêdal sadaya pan aglar | samya bukak tapiyan nèng ngarsa aji | saha bongkokanira ||
194.003 katingalan ingkang jaga biting | sira wau Radèn Pringgalaya | anuduh marang dutane | kinèn nimbali gupuh | marang sagung bala Kumpêni | kang tinimbalan sigra | wau lampahipun | dene cacahe sadaya | pan kalima bêlah cacahing Kumpêni | prapta ing ngarsanira ||
194.004 Arya Pringgalaya wus pêpanggih | lutnan kapitan atêtabean | akucêm paraupane | myang sèkrêtarisipun | samya nêmbah langkung mintasih | sira ya Pringgalaya | alon dènnya muwus | sira antia sakêdhap | maniratur uninga radèn apatih | nuhun ingkang parentah ||
194.005 duta mêsat tan adangu prapti | ingkang timbalan rahadèn apatya |[1] kinèn ngêdum sadayane | mung si kapitan iku | radèn arya parentah mami | dika ingkang gadhuha | Lutnan Pèl-pèl iku | si kakang Tirtawiguna | sèkrêtiris[2] iya kakang Rajaniti | iku ingkang gadhuha ||
194.006 dene sagung kang wadya Kumpêni | dèn warisna sagung kang punggawa | anulya dhinawuhake | iki timbalanipun | kinèn ngêdum bala Kumpêni | kapitan aturira | tan lêngganèng kayun | sanajan dèn pêjahana | pan sumăngga tan angraos darbe urip | pêjah gêsang katura ||
194.007 balik badan kawula [24: 59: ka...wula] puniki | wontên sintên ingkang anggadhuha | Rahadèn Priggalayane | alon dènira muwus | dika wontên kula pribadi | dene si bapa Lutnan | Pèl-pèl ênggènipun | ing paman Tirtawiguna | sèkrêtaris wontên paman Rajaniti | puniku kang timbalan ||
194.008 dene Kumpêni kang alit-alit | dinum marang sagunging punggawa | nulya kapitan angawe | marang Kumpêninipun | pan sadaya wus praptèng ngarsi | sèkrêtaris turira | kawulasung wêruh | dhuwunge kang pra dipatya | tuwin mantri kang sami tiwas nèng loji | punika karawatan ||
194.009 Radèn Arya Pringgalaya angling | yèn mangkana maniratur wikan | kang duta lumaksanage | prapta ing ngarsanipun | sira radèn rêkyana patih | katur saaturira | radèn patih muwus | iya sun atur uninga | antènana wus mêsat kang dinutaglis | prapta sajroning pura ||
194.010 panggih lawan Tirtawigunèki | lajêng katur ing jêng sri narendra | sigra animbali age | Ki Arya Madurèku | kinèn ngirid ing sèkrêtaris | lan kinèn maspadakna | ing jro lojinipun | bok Kumpêni masang gêlar | mêndhêm guna gya Ki Arya Madurèki | mêdal saking jro pura ||
194.011 mêdal panggih lawan sèkrêtaris | gya ingirid mring loji mariksa | bok ana miranti glare | lawan amundhut dhuwung | sapraptane wau jro loji | sira Arya Madura | kanan keri dulu | datan wontên paran-paran [24: 60: pa...ran-paran] | wus ingambil dhuwung kang wontên ing pêthi | katur Arya Madura ||
1.140–1.141 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: ingkang timbalan rahadèn apatya. (kembali)
sèkrêtaris. (kembali)