Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
195 dari 234
1.153–1.154 dari 1.487
11.523–11.532 dari 14.865
195.047 Arya Dipasana gêbyur ing samodra | Ngujung Pangkah wus prapti | wau kawarnaa | Radèn Sêcadiningrat | sarta kalawan kang abdi | sarta lumajar | numpak [25: 5: numpa...k] baita konthing ||
195.048 kèndel pulo Mangare atur uninga | yèn kasoran ing jurit | marang ingkang rama | dutanira wus prapta | katur yèn kasoran jurit | wadyakèh pêjah | duka yayah sinipi ||
195.049 animbali marang ing pêpatihira | Dyan Mangundara prapti | ya ta sru ngandika | Pangeran Cakraningrat | hèh Mangundara dèn aglis | sira dandana | si kacung kalah jurit ||
195.050 lah gawanên wong jêro adunên yuda | sandika kang tinuding | Radèn Mangundara | tur sêmbah sampun mêdal | asadhiya ing ajurit | wong tigang nambang | nêngguh kang dèn tindhihi ||
195.051 pan ing dalu budhal numpak ing samodra | samya amot ing konthing | sêlur kang baita | pulo Mangare prapta | lajêng panabrangiraglis | mring Ujung Pangkah | samya nata wadyalit ||
195.052 Ki Tumênggung Mataun kang kawuwusa | ingaturan udani | mring Surawikrama | yèn mêngsah kathah prapta | Ngujung Pangkah dèn ênggoni | wadyèng Madura | samya kamot ing konthing ||
195.053 sigra undhang Kyai Mataun samana | mring sagunging dipati | myang prajurit Cina | wadya măncanagara | pinartiga ingkang baris | pangawat têngah | samya jaga ing margi ||
195.054 Adipati Madiun pangawat kanan | ingkang munggèng ing keri | Dipati Balora | Warung lawan Sêsela | mung Japan ingkang kinanthi | munggèng ing dhadha | samya samêktèng jurit ||
195.055 kang prajurit Cina pinangku nèng ngarsa | wau ta kang winarni | wadya ing Madura | kang anèng [25: 6: a...nèng] Ujung Pangkah | pra samya nabrang ing wêngi | kang keri kanan | pan amung dèn kawali ||
195.056 pêpênêde golong mêdal ing têngahan | mêntas saking jaladri | nêgêl barisira | Kyai Mataun Jipang | wontên dasih tur udani | yèn mêngsah prapta | golong lampahing baris ||
1.153–1.154 dari 1.487