Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
195 dari 234
1.149–1.150 dari 1.487
11.482–11.491 dari 14.865
195.006 samya ngumpul anèng nagari Balora | lêlurah răngga êlik | lawan pun Êncik Mas | Êncik Co Êncik Sika | lawan malih pun Cik Putih | panglêmpakira | sangang atus prajurit ||
195.007 myang punggawa măncanagara kang kanan | sadaya sampun prapti | anèng ing Balora | Kyai Mataun sigra | budhal sawadya angiring | saking Balora | wong Cina pan umiring ||
195.008 tan winarna Balora wus praptèng Jipang | wong Sampang angêbyuki | anèng kitha Jipang | sampun [24: 76: sa...mpun] miyarsa warta | yèn Kyai Mataun prapti | lorod sadaya | mring jawi kitha têbih ||
195.009 anèng dhusun Pamêlaran kèndêlira | wong Madura bêbiting | Radèn Kartayuda | lawan Lêbusagara | têtiga Rahadèn Giri | têtindhihira | sêdya rêmpon ing biting ||
195.010 Kya Tumênggung Mataun anglud ing mêngsah | nèng Pakacangan baris | kang prajurit Cina | matur arsa gitika | mring wong Madura ing wêngi | anuwun bala | mantri kang têdah margi ||
195.011 pan kasaru duta wau ingkang prapta | saking ing radèn patih | maringakên sira | nêngguh Surawikrama | wong saking Sidayu nguni | kinèn nanêma | mring Sidayu nagari ||
195.012 lawan ingkang timbalan radèn apatya | kinèn ngrêbat tumuli | lawan ing Lamongan | Sidayu lawan Tuban | Tumênggung Mataun nênggih | matur sandika | duta wus pamit mulih ||
195.013 sira Ngabèi Tohjaya ing Lamongan | mring Ki Mataun amit | arsa angrêbata | nagari ing Lamongan | nanging sêdya aprang sandi | nungkul gêlarnya | rabine ki ngabèi ||
195.014 lan sutane ginawa mring wong Madura | duk kacandhak rumiyin | apan kang timbalan | Pangeran Cakraningrat | Ki Tohjaya kinèn amrih | dadia rowang | marma dipun tênggani ||
195.015 sampun mangkat sira Ngabèi Tohjaya | saking Jipang nagari | ya ta kawarnaa | wau prajurit Cina | dènira mangkat ing wêngi | wus kinanthenan | mring Ki Mataun mantri ||
1.149–1.150 dari 1.487