Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
195–196 dari 234
1.155–1.156 dari 1.487
11.549–11.558 dari 14.865
195.073 dadya gusis sagunging măncanagara | tan wontên kang abaris | amung Surabaya | kang maksih yun-ayunan | kalawan bala Kumpêni | miwah wong Sampang | samyamrêp Surawèsthi ||
195.074 sira Radèn Tumênggung Sêcadiningrat | ngancik Sidayu malih | tuwin Dipasana | sampun mantuk mring Tuban | Nglamongan lawan Garêsik | wus tinanêman | wong Madura kinardi ||
195.075 wong Madura kang anggitik Surabaya | pan sampun dèn bantoni | Radèn Mangundara | lajêng saking Sidarya | busêkan wong têpis wiring | ing Surabaya | gègèr kelangan kanthi ||
196. Kinanthi
196.001 para mantri Surèngkewuh | prasamya mêthuk ing jurit | marang sajawining kitha | têtindhihing Sawunggaling | pêpatih ing Surabaya | anom kaskayatur wani ||
196.002 ing sabên dina acampuh | lan Ngabèi Sawunggaling | yudane wong Surabaya | kadya banthèng tawan kanin | bala Madura kasoran | kaburu akèh ngêmasi ||
196.003 nênggih gêgununganipun | sami ngungsi jroning loji | angêntosi [25: 9: angê...ntosi] bêbantunya | wong Madura sami wingwrin | kèndêl dènira ayuda | gênti wau kang winarni ||
196.004 sutanira Ki Mataun | sira Radèn Kartasari | lawan Radèn Martapura | ing Warung kang apalinggih | rêmbag ngaturi uninga | ing radèn rêkyana patih ||
196.005 pêjahe sudarmanipun | anèng madyaning ajurit | lawan kadange satunggal | kang duta lumaksanaglis | ing marga datan winarna | prapta ing Kartasurènjing ||
196.006 sêratira sampun katur | ing radèn rêkyana patih | kalangkung pangungunira | lajêng sowan ing jro puri | praptèng jro wus ingandikan | munggèng ngarsaning narpati ||
196.007 kya patih nêmbah umatur | kawula atur upaksi | nênggih abdi dalêm Jipang | pan Mataun angêmasi | lawan anake satunggal | wadyalit kathah ngêmasi ||
1.155–1.156 dari 1.487