Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
195 dari 234
1.149–1.150 dari 1.487
11.488–11.497 dari 14.865
195.012 lawan ingkang timbalan radèn apatya | kinèn ngrêbat tumuli | lawan ing Lamongan | Sidayu lawan Tuban | Tumênggung Mataun nênggih | matur sandika | duta wus pamit mulih ||
195.013 sira Ngabèi Tohjaya ing Lamongan | mring Ki Mataun amit | arsa angrêbata | nagari ing Lamongan | nanging sêdya aprang sandi | nungkul gêlarnya | rabine ki ngabèi ||
195.014 lan sutane ginawa mring wong Madura | duk kacandhak rumiyin | apan kang timbalan | Pangeran Cakraningrat | Ki Tohjaya kinèn amrih | dadia rowang | marma dipun tênggani ||
195.015 sampun mangkat sira Ngabèi Tohjaya | saking Jipang nagari | ya ta kawarnaa | wau prajurit Cina | dènira mangkat ing wêngi | wus kinanthenan | mring Ki Mataun mantri ||
195.016 ing Balora mantri tinuduh ngirida | lan wong Sidayu nênggih [24: 77: nêng...gih] | ingkang sami trêsna | marang Surawikrama | pan akathah ingkang prapti | samya kinarya | cucuk atêdah margi ||
195.017 sangang atus wau kang prajurit Cina | sarêng budhal ing wêngi | lan Mantri Balora | Sidayu munggèng ngarsa | kêkapalan gangsal biting | pan sampun prapta | desa Mêlaran enjing ||
195.018 lajêng nêmpuh wong Cina ing pabitingan | rame dènnya bêdhili | saking katêbihan | wadyèng Madura mêdal | kalih èwu winitawis[1] | arêbat papan | wong Cina ambêdhili ||
195.019 sigra nêmpuh wadyabala ing Madura | nusup kukusing bêdhil | myang prajurit Cina | parêng panêmpuhira | ngamuk lawan pêdhang abir | wong Sampang panggah | rame rok silih ungkih ||
195.020 kuwêl ing prang tumbak têmpuh lawan pêdhang | kapanggih padha wani | caruk kang ayudha | samya ulêng-ulêngan | wadyèng Madura angungkih | prajurit Cina | panggah datan gumingsir ||
195.021 Ki Tumênggung Mataun sabalanira | myarsa swaraning bêdhil | budhal saha bala | arsa têtulung Cina | sagung punggawa tan kari | ingkang ayuda | maksih ungkih-ingungkih ||
1.149–1.150 dari 1.487

 


winatawis (dan di tempat lain). (kembali)