Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
195 dari 234
1.151–1.152 dari 1.487
11.509–11.518 dari 14.865
195.033 palayune ya ta wadya ing Madura | kèndêl sakilèn Giri | nèng Tumapêl samya | dènnya rame barisan | wau ta ingkang winarni | punggawa mănca- | nagara kang pangirid [25: 3] ||[1]
Wadya Kartasura campuh kalihan wadya Madura [lanjutan]
195.034 Ki Tumênggung Surabrata Pranaraga | sapanêkarnya prapti | bumi Surabaya | baris anèng Janggala | wong Sampang kang nêdya gitik | wong Surabaya | dadya taha ing wèsthi ||[2]
195.035 Ki Mataun ing Sidayu gya rinêbat | lawan kitha ing Tubin | apan sampun rêmbag | budhal sagamanira | Ki Mataun kang nindhihi | tuwin wong Cina | wong Madura winarni ||
195.036 ingkang lagya baris Tumapêl gegeran | lorod ing têngah wêngi | mring Sidayu samya | prapta sakidul kitha | anèng Prijagan abaris | kancane têka | saking Sidayu sami ||
195.037 Ki Tumênggung Mataun sabalanira | sabrang kidul wus prapti | dhusun Parijagan | apan êlêt bangawan | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | samya nilib ing wêngi ||
195.038 panabrange manginggil anurut toya | wong Balora kang ngirid | lan wong Warung Sela | lan wong Sidayu samya | ingkang sampun nungkul sami | atuduh marga | nabrang sagung prajurit ||
195.039 Ki Tumênggung Mataun taksih nèng ngandhap | apan akarya sandi | adandan baita | dadyarsa nêdya nabrang | wong Madura tan udani | lamun wong Cina | samya nabrang manginggil ||
195.040 samya gugup prajurit Cina narajang | saking kilèn [25: 4: ki...lèn] ambêdhil | wong Madura tadhah | arame dènira prang | Tumênggung Mataun aglis | sawadyanira | sampun nabrang banawi ||
195.041 sigra dènnya ananggulang ing ayuda | wadya Madura ngisis | pan wus kathah pêjah | Rahadèn Kartayuda | têtindhihe angêmasi | sakancanira | gangsal sarêng ngêmasi ||
195.042 kang wadyalit sakantune ingkang pêjah | marang sajro nagari | Sidayu wus aprapta |[3] Radèn Sêcadiningrat | sêdya arêrêmpon jurit | nanging kasêsa | kang wadya Cina prapti ||
1.151–1.152 dari 1.487

 


§ Lajêng nyandhak jilid: 25. (kembali)
Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 25 (Serie No. 1289x). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1941, 79 hlm. Judul jilid: Radèn Mas Garêndi jumênêng nata wontên ing Pathi, jêjuluk Prabu Kuning. (kembali)
Lebih satu suku kata: Sidayu wus prapta. (kembali)