Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
195 dari 234
1.152–1.153 dari 1.487
11.514–11.523 dari 14.865
195.038 panabrange manginggil anurut toya | wong Balora kang ngirid | lan wong Warung Sela | lan wong Sidayu samya | ingkang sampun nungkul sami | atuduh marga | nabrang sagung prajurit ||
195.039 Ki Tumênggung Mataun taksih nèng ngandhap | apan akarya sandi | adandan baita | dadyarsa nêdya nabrang | wong Madura tan udani | lamun wong Cina | samya nabrang manginggil ||
195.040 samya gugup prajurit Cina narajang | saking kilèn [25: 4: ki...lèn] ambêdhil | wong Madura tadhah | arame dènira prang | Tumênggung Mataun aglis | sawadyanira | sampun nabrang banawi ||
195.041 sigra dènnya ananggulang ing ayuda | wadya Madura ngisis | pan wus kathah pêjah | Rahadèn Kartayuda | têtindhihe angêmasi | sakancanira | gangsal sarêng ngêmasi ||
195.042 kang wadyalit sakantune ingkang pêjah | marang sajro nagari | Sidayu wus aprapta |[1] Radèn Sêcadiningrat | sêdya arêrêmpon jurit | nanging kasêsa | kang wadya Cina prapti ||
195.043 miwah sagung punggawa măncanagara | ingkang samya angungsir | marang wong Madura | nagri Sidayu prapta | Tumênggung Sidayu nênggih | arsa magut prang | kalulun ing wadyalit ||
195.044 sampun rusak tatane sami lumajar | kitha wus dèn êbroki | mring prajurit Cina | miwah sagung dipatya | wong Cina anjarah sami | ingkang kacandhak | wadone dèn jamahi ||
195.045 Ki Tumênggung Mataun sawadyanira | makuwon pacak baris | sajroning nagara | lawan prajurit Cina | Dipasana duk winarni | saking ing Tuban | pan dèrèng angsal warti ||
195.046 ing Sidayu bêdhah wus kancikan mêngsah | katalanjur wus prapti | sajroning nagara | anêdya bantu yuda | wong Jipang samya upaksi | wadya ing Tuban | binujung kèh ngêmasi ||
195.047 Arya Dipasana gêbyur ing samodra | Ngujung Pangkah wus prapti | wau kawarnaa | Radèn Sêcadiningrat | sarta kalawan kang abdi | sarta lumajar | numpak [25: 5: numpa...k] baita konthing ||
1.152–1.153 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: Sidayu wus prapta. (kembali)