Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
196–197 dari 234
1.160–1.161 dari 1.487
11.596–11.605 dari 14.865
196.045 tan owah kadya turipun | mring Pangeran Madurèki | linajêngakên saksana | marang nagari Samawis | ing laut datan winarna | wus prapta nagri Samawis ||
196.046 wus panggih lawan kumêndur | miwah dhatêng Kumisaris | Tilêm kalawan kang nama | Komasaris Prèsêl nênggih | surat saking Surabaya | tinupiksa ganti-ganti ||
196.047 miyarsa kalangkung ngungun | kumêndur lan komasaris | nanging suka amiyarsa | dene ta sri narapati | nora pati yèn karsaa | anumpês bala Kumpêni ||
196.048 yèn èstua tuturipun | gandhèk kang kabandhang iki | katut aturing punggawa | dudu karsane pribadi | pan maksih kêna dèn ulah | ing têmbe dèn ulih-ulih ||
196.049 gandhèk linajêngkên sampun | marang nagari Batawi | kèrid dening dutanira | kumêndur lan komasaris | kalih saha mawi surat | wus praptèng nagri Batawi ||
196.050 surat katur ing gurnadur | miwah sagunging radpêni | gandhèk pinanggil mring ngarsa | dinangu tiniti-titi | tan owah ing aturira | rêmpêg lan kang muni tulis ||
196.051 radpêni sadaya ngungun | dhuh Gusti Rajèng Matawis | jagate ingkang punggawa | angrusak bala Kumpêni [25: 15: Kumpê...ni] | gurnadur atêbah jaja | sadalêming tyas manangis ||
196.052 gandhèk linajêngkên wangsul | mring nagri Samarang malih | ing benjang kinèn nglajêngna | katura ing sri bupati | sakalangkung urmatira | mring abdinirèng narpati ||
196.053 saha surating gurnadur | kang dhatêng ing komasaris | tan kocap margèng samodra | nagri Samarang wus prapti | wong anggandhèk wus pinarnah | kên rinêksèng kêbon wingking ||
197. Pangkur
154. Patih Natakusuma nyenapatèni wadyabala Kartasura ingkang anggêpuk nagari Samarang
197.001 kunêng ingkang kawarnaa | wau sira radèn rêkyana patih | dènira sayaga sampun | samêkta wadyabala | budhal ingkang gêgaman mring alun-alun | abra busananing wadya | yèn tinon lir prawatagni ||
1.160–1.161 dari 1.487