Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
196 dari 234
1.156–1.157 dari 1.487
11.560–11.569 dari 14.865
196.009 mangkya wontên Majaranu | kang dadya cucuking jurit | wadyèng Madura bêbahak | apan sampun bêboyongi | angungun sri naranata | angandika mring apatih ||
196.010 kayaparan ta sirèku | Si Madura ngrêrubêdi | rêkyana patih tur sêmbah | sumanggèng karsa narpati | iku paman karsaningwang | sira wakana pribadi ||
196.011 lamun nora mangkonèku | tanpa wêkas ing ajurit | wong Cina dimèn enggala | anggêcak [25: 10: anggê...cak] loji Matawis | yèn sira kang nindhihana | kacèk tangkêping ajurit ||
196.012 dene wetan kang sun tuduh | Si Arya Pringgalayèki | iku paman ngayomana | sagung wong măncanagari | angrêbut nagri ing Jipang | lan malih ingsun gawani ||
196.013 dhimas Dipanagarèku | lan adhi mas Mangkubumi | ya lawan adhi mas Răngga | dadia jimating jurit | rêkyana patih tur sêmbah | lêrês karsa padukaji ||
196.014 sigra tinimbalan sampun | sirarya Pringgalayèki | miwah sagunging santana | kèrid mring pangran ngabèi | lan Pangeran Buminata | wadana kanan lan keri ||
196.015 prapta ngarsane sang prabu | kang pra santana wotsari | sri narendra angandika | hèh kakang mas angabèi | puniki pikir manira | Si Arya Pringgalayèki ||
196.016 manira tuduh lumaku | nindhihi măncanagari | adhi mas Dipanagara | lan yayi mas Mangkubumi | kalawan yayi mas Răngga | dadosa jimat ngajurit ||
196.017 katiga milua nglurug | dimèn samya wruh ing sakit | amapag mungsuh Madura | matur pangeran ngabèi | kawula sumanggèng karsa | inggih anjurungkên amin ||
196.018 dene si paman puniku | Natakusuma nindhihi | Cina kang gitik Samarang | dene kang têngga ing mami | wadana lêbêt kewala | dika lan si adhi-adhi ||
1.156–1.157 dari 1.487