Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
196 dari 234
1.157–1.158 dari 1.487
11.569–11.578 dari 14.865
196.018 dene si paman puniku | Natakusuma nindhihi | Cina kang gitik Samarang | dene kang têngga ing mami | wadana lêbêt kewala | dika lan si adhi-adhi ||
196.019 pangran ngabèi umatur | alêrês karsa sang aji | lamun botên makatêna | tanpa wêkasing ajurit | nagari lami tan arja | têmah ngrêrisak [25: 11: ngrêrisa...k] wadyalit ||
196.020 alon ngandika sang prabu | mring Arya Pringgalayèki | iya sira kang sun karya | senapatining kang baris | nindhihi măncanagara | dene ta si adhi-adhi ||
196.021 dadia jimatirèku | Dyan Pringgalaya wotsari | anuwun mugi antuka | ing sawab barkat narpati | sang nata malih ngandika | dhatêng ingkang rayi-rayi ||
196.022 Pangran Dipanagarèku | lan Pangeran Mangkubumi | katiga Pangeran Răngga | dèn padha angati-ati | aywa sira kaya bocah | angèl tatraping ajurit ||
196.023 sampun pinaringan sangu | kalawan lorodan nyamping | kang rayi tiga nyatunggal | dene sangu tigang biting | lawan busananing wadya | katiga saking sang aji ||
196.024 lawan yatra gangsal atus | badhe ganjaraning dasih | sri naranata ngandika | ing radèn rêkyana patih | iku paman lamun sira | budhal anglurug ing benjing ||
196.025 mangkata sing alun-alun | kalawan Si Rajaniti | ingsun pan arsa umiyat | ing gêgamanira sami | pan sampun tinundhung mêdal | sira rahadèn apatih ||
196.026 lan Radèn Pringgalayèku | kalih sampun dèn paringi | apan yatra gêgantungan | badhe ganjaraning dasih | ingkang tumêmên ing karya | kang pinatêdhak sang aji ||
196.027 myang para santana sampun | mêdal saking dalêm puri | ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | gumrah wadyèng kapatihan | samya sayagèng ajurit [25: 12] ||
1.157–1.158 dari 1.487