Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
196 dari 234
1.159–1.160 dari 1.487
11.588–11.597 dari 14.865
196.037 tan nêdya anari mring sun | kaliwat amajanani[1] | Susunan Pakubuwana | nora tinggal bapa mami | apa sakaliring rêmbag | pasrah mring wong tuwa mami ||
196.038 cècèkan padha kumênthus | wania ing mêngko iki | ngandêlakên sugih bala | pêksa angêntasi kardi | tur kabèh măngsa enjoha | prasasat angrujag gusti ||
196.039 yèn ingsun nêdya amungsuh | têkan wadone wong Jawi | cawêta milua aprang | nadyan godhonge waringin | kabèh dadia manungsa | milua amangun jurit ||
196.040 sun kicêl bae lan ingsun | suwe mijêt wohing ranti | pae kaya wong Madura | tate anjunjung narpati | pamugariningrat Jawa | dadya pamungkasing wèsthi ||
196.041 gandhèk kêkalih umatur | alêrês sampeyan inggih | pangeran malih ngandika | sira sun wèhakên mangkin | mring Kapitan Surabaya | lamun sira dèn takoni ||
196.042 aywowah tuturirèku | pasthi sira nêmu bêcik | nadyan silih dèn gawakna | marang nagarèng Samawis | dèn banjurna mring Jakarta | ywa owah tuturirèki ||
196.043 gandhèk sinangonan sampun | binêkta mring Surawèsthi | caraka sampun [25: 14: sampu...n] umêsat | ing laut datan winarni | praptèng nagri Surabaya | kang duta tumamèng loji ||
196.044 sampun katur suratipun | Cakraningrat Adipati | mring Kapitan Surabaya | sampun binuka kang tulis | kapitan ngungun miyarsa | wong anggandhèk dèn takoni ||
196.045 tan owah kadya turipun | mring Pangeran Madurèki | linajêngakên saksana | marang nagari Samawis | ing laut datan winarna | wus prapta nagri Samawis ||
196.046 wus panggih lawan kumêndur | miwah dhatêng Kumisaris | Tilêm kalawan kang nama | Komasaris Prèsêl nênggih | surat saking Surabaya | tinupiksa ganti-ganti ||
1.159–1.160 dari 1.487

 


amêjanani. (kembali)