Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
197 dari 234
1.162 dari 1.487
11.611–11.620 dari 14.865
197.007 lurung pêpêt ing gêgaman | tan kênawor apangkat-pangkat sami | ya ta wau sang aprabu | miyos ing panangkilan | saha upacaranira sri dinulu | orêg sagunging punggawa | ngandika sri narapati ||
197.008 marang ing radèn apatya | iku paman Si Arya Madurèki | iya sun tuduh lumaku | nindhihi wadyèng Têgal | anggawaa wong jagasura sadarum | barênga lan lakunira | tur sêmbah rahadèn patih ||
197.009 alêrês karsa paduka | iya paman nuli angkatna aglis | kabèh gêgamanirèku | ingsun arsa umiyat | kyana patih tur sêmbah nolih ing pungkur | asuwarèng wadyabala | budhal gêgaman pangarsi ||
197.010 umung swaraning kang bala | samya salawatan samargi-margi | lampahe tan kêna carub | golong salurah-lurah | sira radèn apatih majêng wotsantun | mangaras padèng narendra | myang Tumênggung Rajaniti ||
197.011 mangaras mangraup pada | sri narendra ngandika mring apatih | nyangoni salamêt ingsun | kabèh [25: 17: ka...bèh] sawadyanira | sigra lèngsèr saking ngarsanya sang prabu | anindhihi wadyanira | lan Tumênggung Rajaniti ||
197.012 tan owah lampahing bala | asri tinon kadya prawata sari | kang tunggul lawan lêlayu | abra lir pêksi krêndha | arêratwan malêdug lir gunung kapuk | mawur katêmpuh prahara | ting karêtèp ting parêlik ||
197.013 samana para ngulama | para kaji kathah samya umiring | wadya satêmah amuwus | nadyan dèn balangana | kopyah bae loji ing Samarang gêmpur | sampun karsaning Hyang Suksma | samya dhatêngakên kibir ||
197.014 ing marga datan winarna | lampahira pan ing Ungaran prapti | masanggrahan gangsal dalu | ya ta radèn apatya | animbali ing kaji Mataram gupuh | prapta rahadèn ngandika | kakang kaji sun angipi ||
197.015 sarupane kang wong Cina | ingsun tingalakên dadi wong èstri | dika pardika puniku | matur kaji Mataram | inggih pênêd watêking èstri puniku | salamêt lampah sampeyan | nanging rahadèn apatih ||
197.016 kang eca ing manahira | amiyarsa pradikane kang kaji | sigra Tuwan Sayid Mahbud | matur ing radèn patya | kula balak inggih ngimpi wau dalu | katingal wontên dahana | dika bapak dèn purugi ||
1.162 dari 1.487