Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
197 dari 234
1.162–1.163 dari 1.487
11.616–11.625 dari 14.865
197.012 tan owah lampahing bala | asri tinon kadya prawata sari | kang tunggul lawan lêlayu | abra lir pêksi krêndha | arêratwan malêdug lir gunung kapuk | mawur katêmpuh prahara | ting karêtèp ting parêlik ||
197.013 samana para ngulama | para kaji kathah samya umiring | wadya satêmah amuwus | nadyan dèn balangana | kopyah bae loji ing Samarang gêmpur | sampun karsaning Hyang Suksma | samya dhatêngakên kibir ||
197.014 ing marga datan winarna | lampahira pan ing Ungaran prapti | masanggrahan gangsal dalu | ya ta radèn apatya | animbali ing kaji Mataram gupuh | prapta rahadèn ngandika | kakang kaji sun angipi ||
197.015 sarupane kang wong Cina | ingsun tingalakên dadi wong èstri | dika pardika puniku | matur kaji Mataram | inggih pênêd watêking èstri puniku | salamêt lampah sampeyan | nanging rahadèn apatih ||
197.016 kang eca ing manahira | amiyarsa pradikane kang kaji | sigra Tuwan Sayid Mahbud | matur ing radèn patya | kula balak inggih ngimpi wau dalu | katingal wontên dahana | dika bapak dèn purugi ||
197.017 ing gêni lawan kawula | samya kesah ponang gêni nututi | pêdhang kula katon runtuh | anuli kêris kula | awèh dika puniki katingal runtuh | nulya kang jagat sadaya | bapak samya [25: 18] dadya agni ||
197.018 kumêpyur radèn apatya | amiyarsa impène Tuwan Sayid | pangandikanira arum | pênêd puniku tuwan | nanging sampun dika tutur liyanipun | gantya ingkang kawarnaa | Ki Arya Pringgalayèki ||
197.019 wus samêkta balanira | miwah sira Pangeran Mangkubumi | Pangran Dipanagarèku | tuwin Pangeran Răngga | wus samêkta budhal saking alun-alun | gêgaman awarna-warna | kadya prabata kabêsmi ||
197.020 wadyaning para santana | tinon kadya sêkar sataman asri | kêkăndha lawan lêlayu | amyang yèn tiningalan | swaraning kang balakuswa tri gumuruh | ing marga tan winurcita | pitung dalu anèng margi ||
197.021 wus praptèng talatah Jipang | wong Madura sampun miyarsa warti | yèn wong Kartasura rawuh | wadya tanpa wilangan | têtindhihe Rahadèn Pringgalayèku | Pangeran Dipanagara | lan Pangeran Mangkubumi ||
1.162–1.163 dari 1.487